Cathetan Ngisor
a Ing taun 1932, buku Vindication Jilid 2, nduduhké nèk ramalan Alkitab bab umaté Allah sing bali nèng negarané uga kelakon ing jaman modhèren. Ning, umat sing dimaksud dudu bangsa Israèl jasmani, ning Israèl rohani. Ramalan-ramalan kuwi nggambarké ibadah sejati sing didegké manèh. Menara Pengawal terbitan 1 Maret 1999 nerangké nèk wahyu sing ditampa Yéheskièl bab bait Allah kuwi nggambarké upaya bèn ibadah sejati madeg manèh. Ramalan iki kelakon ing dina-dina pungkasan.