Cathetan Ngisor
c Godhaané Sétan sing ditulis ing Injil Lukas urutané béda karo sing ditulis ing Injil Matius. Sing ditulis ing Injil Matius kuwi sesuai karo urutan peristiwané. Apa buktiné? (1) Wektu arep nyritakké godhaan sing keloro, Matius nggunakké kata ”terus”. Kuwi berarti ana godhaan liyané sakdurungé kuwi. (2) Kaya sing ditulis ing Injil Matius, mesthiné Sétan nggunakké cara sing alus dhisik, yaiku wektu dhèwèké ngomong, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah.” Bar kuwi, Sétan lagi nggunakké cara sing terang-terangan wektu ngongkon Yésus nglanggar préntah pertama saka Sepuluh Préntah. (Pa. 20:2, 3) (3) Mesthiné, Yésus ngomong ”Lungaa Sétan!” ing godhaan sing ketelu utawa sing terakhir.—Mat. 4:5, 10, 11.