Cathetan Ngisor
a Sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu balung-balungé wong sing mati merga lara utawa wis tuwa, tapi kuwi balung-balungé ”wong-wong sing dipatèni”. (Yèh. 37:9) Keadaané ”kabèh wong Israèl” kaya wong sing dipatèni merga kerajaan Israèl sepuluh suku lan kerajaan Yéhuda loro suku dikalahké, terus penduduké ditawan ing Asiria lan Babilon. Kuwi nduduhké nèk hubungané wong Israèl karo Yéhuwah rusak.