Cathetan Ngisor
a Keadaané bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi béda banget karo keadaané baité Yéhuwah mbiyèn. Yéhuwah ngomong, ”Pas wong-wong kuwi ndèlèhké lawang-lawang kuilé ing jèjèré lawang bait-Ku, ndèlèhké kusèn-kusèn lawang kuilé ing jèjèré kusèn bait-Ku, lan nindakké kabèh sing Tak sengiti, wong-wong kuwi nduduhké nèk ora ngajèni jeneng-Ku sing suci. Aku karo wong-wong kuwi mung kepisah nganggo témbok.” (Yèh. 43:8) Ing Yérusalèm mbiyèn, baité Yéhuwah karo omahé wong-wong Israèl mung kepisah nganggo témbok. Pas wong-wong kuwi mulai ora manut karo Yéhuwah, brahala-brahalané digawa ing ngarepé baité Yéhuwah. Wong-wong kuwi pancèn kebangeten tenan.