Cathetan Ngisor
b Sara kuwi seduluré Abraham. Bapaké padha, yaiku Térah, ning ibuké béda. (Purwaning Dumadi 20:12) Jaman saiki, wong sing seduluran kaya ngono ora éntuk nikah. Ning, jaman semana, manungsa isih cedhak karo jamané Adam lan Kawa sing mauné sampurna. Dadi, nèk nikah karo sedulur cedhaké dhéwé, wong-wong ing jaman kuwi ora bakal ngasilké keturunan sing cacad. Ning, 400 taun sakbanjuré, Hukum Musa ora ngéntukké wong nikah karo sedulur cedhaké dhéwé, merga manungsa wis adoh saka jamané Adam sing sampurna.—Kaimaman 18:6.