Cathetan Ngisor
a Kabèh umaté Yéhuwah dikèki tugas kanggo ndadèkké ’wong-wong dadi muridé’ Yésus. Préntah kuwi ditulis ing ayat sing dadi ayat taunan kanggo 2020. Piyé carané mbantu wong-wong sing sinau Alkitab bèn isa dadi muridé Yésus? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau piyé carané mbantu wong sing sinau Alkitab bèn isa cedhak karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal sinau soal apa waé sing kudu dipikirké sakdurungé mutuské kanggo ngendhegké PAR sing ora nggawé kemajuan.