Cathetan Ngisor
a Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sayang, wicaksana, lan sabar. Awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi saka carané Yéhuwah nggawé kabèh ciptaan lan janjiné Yéhuwah soal wong mati sing bakal diuripké manèh. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan sing ana hubungané karo harapan kanggo wong mati. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sebabé harapan kanggo wong mati dadi bukti nèk Yéhuwah kuwi sayang, sabar, lan wicaksana. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané nduduhké rasa maturnuwun merga ana harapan kanggo wong mati.