Cathetan Ngisor
a Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa nglarani atiné sedulur-sedulur. Nèk ana sing tersinggung karo awaké dhéwé, apa awaké dhéwé gelem ngupaya bèn sedulur-sedulur kuwi ora jèngkèl manèh karo awaké dhéwé? Misalé, apa awaké dhéwé gelem langsung njaluk ngapura? Utawa apa awaké dhéwé malah mikir, ’Ya salahé dhéwé ta, dadi wong kok gampang tersinggung?’ Sakliyané kuwi, apa awaké dhéwé gampang tersinggung karo sedulur-sedulur? Nèk ngono, apa awaké dhéwé sadhar nèk kudu berubah, utawa malah mikir, ’Aku ki wongé pancèn ngéné. Kuduné ya sedulur-sedulur kuwi sing ngupaya bèn aku ora tersinggung’?