Cathetan Ngisor
a Sedulur sing wis suwé nglayani Yéhuwah mungkin tau ngomong, ”Saiki aku wis tuwa, tapi donya anyar kok ora teka-teka ya?” Pancèn, awaké dhéwé péngin Yéhuwah nyingkirké kabèh kesusahan. Ning, awaké dhéwé kudu sabar. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug ayat-ayat sing nduduhké nèk awaké dhéwé kudu sabar. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug loro situasi sing isa waé nggawé awaké dhéwé dadi ora sabar lan piyé carané bèn tetep sabar wektu ngadhepi situasi-situasi kuwi. Terus, awaké dhéwé bakal ngrembug apa berkahé nèk sabar.