Cathetan Ngisor
a Awaké dhéwé mesthi seneng nèk ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé. Tapi nèk ora ana, awaké dhéwé mesthi sedhih. Terus, piyé nèk wong sing dibantu sinau Alkitab ora langsung ngetrapké sing dipelajari? Piyé nèk awaké dhéwé durung tau mbantu wong sinau Alkitab nganti dibaptis? Apa kuwi berarti awaké dhéwé wis nggawé Yéhuwah kecéwa? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk kerja kerasé awaké dhéwé kanggo nginjil kuwi ora sia-sia. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug kenapa ora perlu ngrasa gagal nèk durung ana hasil sing apik wektu nginjil.