Cathetan Ngisor
a (Jabur 123:1-4, NW) Mripatku nyawang Panjenengan, sing tahtané ana ing swarga. Kayadéné mripaté para budhak sing nyawang tangané majikané, Lan mripaté para budhak wadon sing nyawang tangané majikané wadon, Kaya ngono mripat kita nyawang Yéhuwah Allah kita, nganti Panjenengané melasi kita. Welasana aku, dhuh Yéhuwah, welasana aku, Merga aku wis wareg diécé. Aku kabèh wis kerep diécé karo wong-wong sing rumangsa wis nyaman Lan dienyèk karo wong-wong sing sombong.