Cathetan Ngisor
a Ing Alkitab, kata tebusan kuwi artiné rega utawa sesuatu sing berharga sing kudu dibayarké. Kata Ibrani ka·pharʹ artiné ”nutupi”. (Purwaning Dumadi 6:14) Contoné, nutupi dosa. (Mazmur 65:3) Kata koʹpher maksudé rega sing kudu dibayar bèn isa nutupi utawa nebus. (Pangentasan 21:30) Kata Yunani lyʹtron diterjemahké dadi ”tebusan” utawa ”rega kanggo mbébaské”. (Matius 20:28; The New Testament in Modern Speech, karya R. F. Weymouth) Para penulis Yunani nggunakké kata kuwi kanggo njelaské soal rega sing kudu dibayar kanggo mbébaské tahanan perang utawa budhak.