PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Minggu, 13 Juli

Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.—Why. 21:5.

Ing awal ayat 5 ana kata-kata, ”Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi kandha.” (Why. 21:5a) Kata-kata iki istiméwa. Ing buku Wahyu, Yéhuwah ngomong langsung kuwi mung ping telu thok. Salah sijiné ana ing ayat iki. Dadi, jaminan iki sing ngomong dudu malaékat, dudu Yésus, tapi Yéhuwah dhéwé. Nah, Yéhuwah ”ora isa ngapusi”. (Tit. 1:2) Kuwi berarti kata-katané Yéhuwah, termasuk sing ing Wahyu 21:​5, 6 isa dipercaya. Terus Yéhuwah ngomong, ”Deloken.” Ing basa asliné, kata ”deloken” kerep muncul ing buku Wahyu. Terus, Gusti Allah bar kuwi ngomong apa? Gusti Allah ora ngomong, ”Aku arep nggawé kabèh dadi anyar.” Gusti Allah ngomongé, ”Aku nggawé kabèh dadi anyar.” Janjiné Yéhuwah mémang kelakoné isih sukmbèn, tapi saking pastiné, Yéhuwah ngomongé seolah-olah kuwi wis kelakon.—Yés. 46:10. w23.11 3-4 ¶7-8

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Senèn, 14 Juli

Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.—Mat. 26:75.

Rasul Pétrus kudu berjuang ngatasi kelemahané. Contoné, pas Yésus ngomong nèk menurut ramalan dhèwèké kudu sengsara lan mati, Pétrus malah ngélikké Yésus. (Mrk. 8:​31-33) Pétrus karo murid-murid liyané ya bola-bali padu soal sapa sing paling penting. (Mrk. 9:​33, 34) Bengi sakdurungé Yésus mati, Pétrus ya tau nyerang lan nyabet kupingé Malkhus nganti pothol. (Yoh. 18:10) Terus bengi kuwi, merga wedi karo wong-wong, Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu. (Mrk. 14:​66-72) Bar kuwi Pétrus nangis lan sedhih banget. Yésus terus nyemangati Pétrus bèn ora cilik ati. Bar diuripké manèh, Yésus ngekèki Pétrus kesempatan mbuktèkké nèk isih sayang Yésus. Yésus ngongkon Pétrus ngopèni domba-dombané. (Yoh. 21:​15-17) Pétrus gelem. Terus pas Péntakosta, dhèwèké ya ana ing Yérusalèm lan termasuk sing nampa roh suci. w23.09 22 ¶6-7

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Selasa, 15 Juli

Engonen anak-anak dombaku.—Yoh. 21:16.

Rasul Pétrus ngongkon para pinituwa, ”Kowé kudu dadi gembala sing ngopèni domba-dombané Gusti Allah.” (1 Ptr. 5:​1-4) Para pinituwa, njenengan mesthi sayang karo sedulur-sedulur lan péngin nggatèkké meréka. Tapi kadhang ora isa merga sibuk lan wis kesel. Terus, kudu piyé? Critakna kabèh karo Yéhuwah. Pétrus nulis, ”Nèk kowé mbantu wong liya, kowé kudu ngendelké kekuwatan saka Gusti Allah.” (1 Ptr. 4:11) Mungkin njenengan ora isa mbantu sedulur-sedulur ngatasi kabèh masalahé. Tapi élinga, nèk ana ”gembala sing utama” yaiku Yésus Kristus. Yésus sing luwih sanggup nulungi sedulur-sedulur, embuh saiki utawa sukmbèn. Yéhuwah péngin para pinituwa sayang, nggatèkké, lan ”dadi conto kanggo domba-dombané Gusti Allah”. w23.09 29-30 ¶13-14

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim