Selasa, 22 Juli
Isa ngrasa seneng wektu ngalami kesusahan.—Rm. 5:3.
Kabèh muridé Yésus bakal ngalami kesusahan. Misalé Rasul Paulus. Dhèwèké ngomong kanggo sedulur-sedulur ing Tésalonika, ”Wektu aku isih bareng karo kowé, aku wis kerep ngandhani kowé nèk awaké dhéwé bakal ngalami kesusahan. Kowé ngerti nèk kuwi kelakon tenan.” (1 Tés. 3:4) Terus kanggo jemaat Korintus, dhèwèké nulis, ”Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti soal kesusahan sing tak alami . . . Aku mikir nèk aku mesthi mati.” (2 Kor. 1:8; 11:23-27) Awaké dhéwé saiki ya isa ngalami kesusahan. (2 Tim. 3:12) Bar dadi muridé Yésus, apa kanca lan keluarga dadi ngécé utawa malah sikapé kasar karo njenengan? Apa njenengan malah dadi éntuk masalah merga berupaya tetep jujur ing gawéan? (Ibr. 13:18) Apa njenengan ya ditentang pamréntah merga nginjil? Ora soal kesusahan apa sing njenengan alami, Paulus ngomong nèk njenengan isa tetep bahagia. w23.12 10-11 ¶9-10
Rebo, 23 Juli
Kowé wis nggawé aku ngalami masalah sing gedhé.—PD. 34:30.
Yakub ngalami akèh masalah. Siméon karo Lèwi ngisin-isinké keluarga lan nggawé èlèk jenengé Yéhuwah. Bojoné Yakub, Rakhèl, mati pas nglairké anaké sing keloro. Pas Yakub wis tuwa, dhèwèké kepeksa pindhah ing Mesir merga ana kelaparan. (PD. 35:16-19; 37:28; 45:9-11, 28) Meskipun ngalami akèh masalah, Yakub tetep setya karo Yéhuwah. Yéhuwah ya terus mberkahi Yakub. Yéhuwah nyukupi kebutuhané Yakub sak keluarga. Yakub mesthi ya bersyukur merga isa ketemu manèh karo Yusuf sing dikira wis mati. Yakub isa ngatasi masalahé merga akrab karo Yéhuwah. (PD. 30:43; 32:9, 10; 46:28-30) Awaké dhéwé ya isa ngatasi masalah nèk akrab karo Yéhuwah. w23.04 15 ¶6-7
Kemis, 24 Juli
Yéhuwah kuwi Gembalaku. Aku ora bakal kekurangan apa-apa.—Mzm. 23:1.
Daud bener-bener yakin nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo dhèwèké. Kuwi dicritakké ing Mazmur 23. Hubungané Daud karo Yéhuwah kuwi akrab banget. Dhèwèké nyebut Yéhuwah ”Gembalaku”. Daud ngrasa aman merga dituntun Yéhuwah. Dhèwèké bener-bener ngendelké Yéhuwah. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal terus sayang karo dhèwèké. Apa sing marahi dhèwèké yakin? Yéhuwah selalu nyukupi kebutuhané Daud. Yéhuwah ya terbukti dadi sahabat sing apik kanggo Daud. Makané ora soal apa sing bakal kelakon, Daud yakin nèk kebutuhané mesthi bakal disedhiakké Yéhuwah. Merga percaya banget nèk Yéhuwah selalu sayang lan nggatèkké, Daud ora kuwatir tapi selalu bahagia lan ngrasa puas.—Mzm. 16:11. w24.01 29 ¶12-13