Rebo, 23 Juli
Kowé wis nggawé aku ngalami masalah sing gedhé.—PD. 34:30.
Yakub ngalami akèh masalah. Siméon karo Lèwi ngisin-isinké keluarga lan nggawé èlèk jenengé Yéhuwah. Bojoné Yakub, Rakhèl, mati pas nglairké anaké sing keloro. Pas Yakub wis tuwa, dhèwèké kepeksa pindhah ing Mesir merga ana kelaparan. (PD. 35:16-19; 37:28; 45:9-11, 28) Meskipun ngalami akèh masalah, Yakub tetep setya karo Yéhuwah. Yéhuwah ya terus mberkahi Yakub. Yéhuwah nyukupi kebutuhané Yakub sak keluarga. Yakub mesthi ya bersyukur merga isa ketemu manèh karo Yusuf sing dikira wis mati. Yakub isa ngatasi masalahé merga akrab karo Yéhuwah. (PD. 30:43; 32:9, 10; 46:28-30) Awaké dhéwé ya isa ngatasi masalah nèk akrab karo Yéhuwah. w23.04 15 ¶6-7
Kemis, 24 Juli
Yéhuwah kuwi Gembalaku. Aku ora bakal kekurangan apa-apa.—Mzm. 23:1.
Daud bener-bener yakin nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo dhèwèké. Kuwi dicritakké ing Mazmur 23. Hubungané Daud karo Yéhuwah kuwi akrab banget. Dhèwèké nyebut Yéhuwah ”Gembalaku”. Daud ngrasa aman merga dituntun Yéhuwah. Dhèwèké bener-bener ngendelké Yéhuwah. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal terus sayang karo dhèwèké. Apa sing marahi dhèwèké yakin? Yéhuwah selalu nyukupi kebutuhané Daud. Yéhuwah ya terbukti dadi sahabat sing apik kanggo Daud. Makané ora soal apa sing bakal kelakon, Daud yakin nèk kebutuhané mesthi bakal disedhiakké Yéhuwah. Merga percaya banget nèk Yéhuwah selalu sayang lan nggatèkké, Daud ora kuwatir tapi selalu bahagia lan ngrasa puas.—Mzm. 16:11. w24.01 29 ¶12-13
Jumat, 25 Juli
Aku terus ngancani kowé nganti akhir jaman.—Mat. 28:20.
Sejak Perang Donya II, umaté Yéhuwah wis bébas nginjil ing akèh negara. Malah, akèh wong dadi kenal Yéhuwah lan kegiatan nginjil berkembang pesat. Anggota Pengurus Pusat jaman saiki ya selalu mastèkké bèn petunjuk sing dikèkké sesuai karo pandhangané Yéhuwah lan Yésus. Arahané disampèkké liwat para pinituwa wilayah lan pinituwa ing jemaat. Kabèh pinituwa, terutama sing nduwé harapan munggah swarga, ana ing ”tangané tengen” Kristus. (Why. 2:1) Mémang, para pinituwa isih durung sampurna lan isa nggawé salah. Musa, Yosua, lan para rasul ya tau nggawé kesalahan. (Wi. 20:12; Yos. 9:14, 15; Rm. 3:23) Tapi, Yésus bakal terus nuntun budhak sing setya lan para pinituwa. Mulané, awaké dhéwé isa terus percaya lan manut tuntunané wong-wong sing wis dipilih Yéhuwah. w24.02 23-24 ¶13-14