Kemis, 24 Juli
Yéhuwah kuwi Gembalaku. Aku ora bakal kekurangan apa-apa.—Mzm. 23:1.
Daud bener-bener yakin nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo dhèwèké. Kuwi dicritakké ing Mazmur 23. Hubungané Daud karo Yéhuwah kuwi akrab banget. Dhèwèké nyebut Yéhuwah ”Gembalaku”. Daud ngrasa aman merga dituntun Yéhuwah. Dhèwèké bener-bener ngendelké Yéhuwah. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal terus sayang karo dhèwèké. Apa sing marahi dhèwèké yakin? Yéhuwah selalu nyukupi kebutuhané Daud. Yéhuwah ya terbukti dadi sahabat sing apik kanggo Daud. Makané ora soal apa sing bakal kelakon, Daud yakin nèk kebutuhané mesthi bakal disedhiakké Yéhuwah. Merga percaya banget nèk Yéhuwah selalu sayang lan nggatèkké, Daud ora kuwatir tapi selalu bahagia lan ngrasa puas.—Mzm. 16:11. w24.01 29 ¶12-13
Jumat, 25 Juli
Aku terus ngancani kowé nganti akhir jaman.—Mat. 28:20.
Sejak Perang Donya II, umaté Yéhuwah wis bébas nginjil ing akèh negara. Malah, akèh wong dadi kenal Yéhuwah lan kegiatan nginjil berkembang pesat. Anggota Pengurus Pusat jaman saiki ya selalu mastèkké bèn petunjuk sing dikèkké sesuai karo pandhangané Yéhuwah lan Yésus. Arahané disampèkké liwat para pinituwa wilayah lan pinituwa ing jemaat. Kabèh pinituwa, terutama sing nduwé harapan munggah swarga, ana ing ”tangané tengen” Kristus. (Why. 2:1) Mémang, para pinituwa isih durung sampurna lan isa nggawé salah. Musa, Yosua, lan para rasul ya tau nggawé kesalahan. (Wi. 20:12; Yos. 9:14, 15; Rm. 3:23) Tapi, Yésus bakal terus nuntun budhak sing setya lan para pinituwa. Mulané, awaké dhéwé isa terus percaya lan manut tuntunané wong-wong sing wis dipilih Yéhuwah. w24.02 23-24 ¶13-14
Setu, 26 Juli
Kowé kudu niru Gusti Allah merga kowé anak-anaké sing ditresnani.—Éf. 5:1.
Saiki, awaké dhéwé ya isa nggawé Yéhuwah seneng nèk muji Dhèwèké. Wektu nyritakké soal Yéhuwah, buktèkna nèk njenengan bersyukur lan sayang banget karo Yéhuwah. Wektu nginjil, awaké dhéwé péngin mbantu wong-wong bèn sayang lan cedhak karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Duduhna saka Alkitab nèk Yéhuwah kuwi sayang, adil, wicaksana, lan mahakuwasa. Terus, cara liyané kanggo muji lan nggawé Yéhuwah seneng kuwi nèk niru Dhèwèké. Nèk awaké dhéwé niru Yéhuwah, wong-wong mungkin dadi ndelok nèk awaké dhéwé kétok béda saka wong-wong liyané, terus dadi péngin ngerti alesané. (Mat. 5:14-16) Kuwi kesempatan awaké dhéwé isa crita soal Yéhuwah. Hasilé, wong-wong sing tulus bakal péngin nyedhak karo Dhèwèké. Nèk muji Yéhuwah nganggo cara-cara kuwi, awaké dhéwé bakal nggawé Yéhuwah seneng.—1 Tim. 2:3, 4. w24.02 10 ¶7