Jumat, 25 Juli
Aku terus ngancani kowé nganti akhir jaman.—Mat. 28:20.
Sejak Perang Donya II, umaté Yéhuwah wis bébas nginjil ing akèh negara. Malah, akèh wong dadi kenal Yéhuwah lan kegiatan nginjil berkembang pesat. Anggota Pengurus Pusat jaman saiki ya selalu mastèkké bèn petunjuk sing dikèkké sesuai karo pandhangané Yéhuwah lan Yésus. Arahané disampèkké liwat para pinituwa wilayah lan pinituwa ing jemaat. Kabèh pinituwa, terutama sing nduwé harapan munggah swarga, ana ing ”tangané tengen” Kristus. (Why. 2:1) Mémang, para pinituwa isih durung sampurna lan isa nggawé salah. Musa, Yosua, lan para rasul ya tau nggawé kesalahan. (Wi. 20:12; Yos. 9:14, 15; Rm. 3:23) Tapi, Yésus bakal terus nuntun budhak sing setya lan para pinituwa. Mulané, awaké dhéwé isa terus percaya lan manut tuntunané wong-wong sing wis dipilih Yéhuwah. w24.02 23-24 ¶13-14
Setu, 26 Juli
Kowé kudu niru Gusti Allah merga kowé anak-anaké sing ditresnani.—Éf. 5:1.
Saiki, awaké dhéwé ya isa nggawé Yéhuwah seneng nèk muji Dhèwèké. Wektu nyritakké soal Yéhuwah, buktèkna nèk njenengan bersyukur lan sayang banget karo Yéhuwah. Wektu nginjil, awaké dhéwé péngin mbantu wong-wong bèn sayang lan cedhak karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Duduhna saka Alkitab nèk Yéhuwah kuwi sayang, adil, wicaksana, lan mahakuwasa. Terus, cara liyané kanggo muji lan nggawé Yéhuwah seneng kuwi nèk niru Dhèwèké. Nèk awaké dhéwé niru Yéhuwah, wong-wong mungkin dadi ndelok nèk awaké dhéwé kétok béda saka wong-wong liyané, terus dadi péngin ngerti alesané. (Mat. 5:14-16) Kuwi kesempatan awaké dhéwé isa crita soal Yéhuwah. Hasilé, wong-wong sing tulus bakal péngin nyedhak karo Dhèwèké. Nèk muji Yéhuwah nganggo cara-cara kuwi, awaké dhéwé bakal nggawé Yéhuwah seneng.—1 Tim. 2:3, 4. w24.02 10 ¶7
Minggu, 27 Juli
[Kudu] isa nguwatké . . . lan isa ngélikké.—Tit. 1:9.
Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, kowé kudu belajar ketrampilan. Ketrampilan-ketrampilan kuwi bakal bermanfaat wektu kowé éntuk tugas ing jemaat, nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhanmu lan keluarga, lan wektu urusan karo wong liya. Misalé, kowé kudu ajar maca lan nulis. Ing Alkitab disebutké nèk maca lan ngrenungké Alkitab saben dina kuwi isa marakké bahagia. (Mzm. 1: 1-3) Nèk maca Alkitab saben dina, kowé bakal ngerti sing dikarepké Yéhuwah. Hasilé, pas ngadhepi situasi tertentu, kowé bakal ngerti kudu piyé bèn isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 1: 3, 4) Sedulur-sedulur bakal éntuk akèh manfaat nèk ing jemaat ana sedulur-sedulur lanang sing isa mulang lan ngekèki naséhat saka Alkitab. Nèk isa maca lan nulis, kowé bakal isa nyiapké ceramah lan koméntar sing bermanfaat, sing marakké sedulur-sedulur tambah kuwat imané. Terus, kowé ya isa nggawé cathetan sing bermutu sing isa dienggo nguwatké imanmu lan imané wong liya. w23.12 26-27 ¶9-11