Rut
3 Naomi, ibu maratuwané, kandha marang Rut, ”Ndhuk, aku kudu nggolèkké kowé bojo*+ supaya uripmu kepénak. 2 Boaz kuwi kan seduluré awaké dhéwé, ta?+ Dhèwèké kuwi ya wong sing ngijinké kowé kerja bareng karo para pegawéné wédok. Bengi iki, Boaz bakal napèni barli ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.* 3 Mula adusa, nganggoa minyak wangi, lan nganggoa klambimu sing paling apik, terus lungaa menyang panggonan kanggo nggiles biji-bijian.* Entènana ing kono nganti Boaz rampung mangan lan ngombé, ning aja nganti Boaz ngerti kowé ing kono. 4 Gatèkna ing endi dhèwèké mapan turu, terus paranana lan bukaken kemul ing sikilé lan mapana ing kono. Dhèwèké bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok lakoni.”
5 Rut njawab, ”Kabèh sing Ibu omongké bakal tak tindakké.” 6 Terus, Rut lunga menyang panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan nindakké kabèh sing dipréntahké ibu maratuwané. 7 Wektu kuwi, Boaz mangan lan ngombé. Dhèwèké ya lagi ngrasa seneng. Terus, dhèwèké turu ing jèjèré tumpukan biji barli. Rut meneng-meneng nyedhaki Boaz lan mbukak kemul ing sikilé Boaz, terus mapan ing kono. 8 Pas tengah wengi, Boaz kadhemen. Wektu arep tangi, dhèwèké ndelok ana wong wédok turu ing cedhak sikilé. 9 Boaz takon, ”Kowé sapa?” Rut njawab, ”Aku Rut abdiné njenengan. Tulung lindhungi aku* merga njenengan sing nduwé hak nebus aku.”+ 10 Boaz kandha, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé, Ndhuk. Kowé wis nduduhké katresnan* sing luwih gedhé timbang sakdurungé.+ Kowé ora nggolèk bojo wong lanang enom, embuh sing mlarat utawa sing sugih. 11 Saiki, kowé aja kuwatir, Ndhuk. Aku bakal nglakoni apa waé sing mbok jaluk+ mau, merga kabèh wong sak kutha ngerti nèk kowé kuwi wong wédok sing réputasiné apik. 12 Aku pancèn nduwé hak nebus+ kowé lan ibu maratuwamu, ning ana manèh sing nduwé hak kanggo nebus kowé, yaiku sedulurmu sing luwih cedhak timbang aku.+ 13 Wis, bengi iki kowé ing kéné waé. Sésuk, nèk wong kuwi gelem nebus, ya wis bèn dhèwèké sing nebus.+ Ning nèk dhèwèké ora gelem, aku sing bakal nebus kowé lan maratuwamu. Aku sumpah demi Yéhuwah sing urip. Saiki, turua ing kéné nganti ésuk.”
14 Terus, Rut mapan turu ing cedhak sikilé Boaz nganti ésuk. Rut tangi pas isih peteng bèn ora ana wong sing weruh. Boaz kandha, ”Aja nganti ana wong sing ngerti nèk ana wong wédok sing teka ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.”* 15 Boaz ya kandha, ”Klambi njaba sing mbok enggo kuwi gunakna kanggo tadhah.” Terus Rut nadhahké klambi njabané, lan Boaz ngesokké enem taker* barli ing klambi njabané Rut mau. Sakwisé kuwi, Boaz lunga menyang kutha.
16 Pas Rut mulih, maratuwané takon, ”Piyé,* Ndhuk?” Terus, Rut nyritakké kabèh sing wis ditindakké Boaz marang dhèwèké. 17 Rut kandha manèh, ”Dhèwèké ya mènèhi aku enem taker barli lan kandha, ’Aja mulih marang ibu maratuwamu tanpa nggawa apa-apa.’” 18 Terus Naomi kandha, ”Wis entènana waé ing kéné, Ndhuk. Deloken waé apa sing bakal kelakon. Dhèwèké ora bakal tenang sakdurungé masalah kuwi rampung dina iki.”