Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé keturunané Korah.+
47 Bangsa-bangsa, ayo padha keplok-keplok.
Kowé kudu muji Gusti Allah lan sorak-sorak merga seneng,
2 Merga Yéhuwah sing Mahaluhur kuwi luar biasa.+
Dhèwèké Raja sing hébat sing mréntah bumi.+
3 Dhèwèké nggawé awaké dhéwé nguwasani bangsa-bangsa.
Dhèwèké nggawé awaké dhéwé ngalahké bangsa-bangsa.+
4 Dhèwèké wis milih warisan kanggo awaké dhéwé.+
Kuwi sing dibanggakké Yakub, wong sing Dhèwèké sayangi.+ (Sela)
5 Wong-wong padha sorak-sorak pas Yéhuwah munggah ing takhtané.
Ana swara trompèt* pas Dhèwèké munggah.
6 Ayo nyanyi lagu pujian* kanggo Gusti Allah.
Ayo nyanyi lagu pujian kanggo Rajané awaké dhéwé.
7 Gusti Allah kuwi Raja sing mréntah bumi.+
Ayo nyanyi lagu pujian, lan tumindakmu kudu wicaksana.
8 Gusti Allah wis dadi Raja sing mréntah bangsa-bangsa.+
Gusti Allah lungguh ing takhtané sing suci.
9 Para pemimpiné bangsa-bangsa ngumpul bareng
Karo umaté Gusti Allahé Abraham.
Para pemimpin* ing bumi kuwi duwèké Gusti Allah.
Gusti Allah pancèn bener-bener diluhurké.+