Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nurut lagu ”Aja Nyingkirké”. Miktam.* Lagu sing digawé Daud wektu ndhelik ing guwa+ merga dioyak* Saul.
57 Oh Gusti Allah, tulung mesakké aku, tulung mesakké aku,
Merga aku berlindung marang Njenengan.+
Aku bakal berlindung ing ngisor sayap-Mu nganti kesusahanku ora ana manèh.+
2 Aku njaluk tulung marang Gusti Allah sing Mahaluhur,
Marang Gusti Allah sing bener, sing mbébaské aku saka kesusahanku.
3 Dhèwèké bakal nulungi aku saka swarga lan nylametké aku.+
Dhèwèké bakal nggagalké rencanané wong sing nyerang aku. (Sela)
Gusti Allah bakal nresnani* lan setya karo aku.+
4 Aku dikepung mungsuh-mungsuhku kaya dikepung singa.+
Malah pas aku turu, ing cedhakku ana wong-wong sing kaya binatang buas sing mangan manungsa,
Sing untuné kaya tombak lan panah,
Lan ilaté kaya pedhang sing landhep.+
5 Oh Gusti Allah, muga-muga Njenengan diluhurké tekan ndhuwur langit.
Duduhna kemuliaan-Mu marang kabèh wong ing bumi.+
6 Mungsuh-mungsuhku wis nyiapké jaring kanggo njebak aku.+
Aku susah banget.+
Wong-wong kuwi wis nggali lubang kanggo njebak aku,
Ning wong-wong kuwi dhéwé sing tiba ing lubang kuwi.+ (Sela)
7 Atiku percaya marang Njenengan,+ oh Gusti Allah,
Atiku percaya marang Njenengan.
Aku bakal nyanyi lan main musik kanggo muji Njenengan.
8 Aku arep tangi.*
Aku bakal tangi sakdurungé matahari terbit.+
Aku péngin main harpa lan alat musik bersenar liyané.
9 Oh Yéhuwah, aku bakal muji Njenengan ing antarané wong akèh.+
Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo Njenengan ing antarané bangsa-bangsa,+
10 Merga katresnan-Mu* sing luar biasa kuwi tekan langit,+
Lan kesetiaan-Mu tekan méga-méga.
11 Oh Gusti Allah, muga-muga Njenengan diluhurké tekan ndhuwur langit.
Duduhna kemuliaan-Mu marang kabèh wong ing bumi.+