Mazmur
Laguné wong sing munggah menyang kutha. Lagu sing digawé Daud.
124 ”Nèk Yéhuwah ora ndhukung awaké dhéwé,”+
Ayo wong Israèl ngomong ngéné,
2 ”Nèk Yéhuwah ora ndhukung awaké dhéwé+
Wektu mungsuh nyerang awaké dhéwé,+
3 Mesthi awaké dhéwé bakal dipatèni+
Wektu mungsuh nesu karo awaké dhéwé.+
4 Awaké dhéwé mesthi wis kesèrèt banyu
Lan kegawa arus.+
5 Awaké dhéwé mesthi wis kleleb ing banyu sing ombaké gedhé.
6 Muga-muga Yéhuwah dipuji
Merga Dhèwèké wis nglindhungi awaké dhéwé saka mungsuh sing kaya kéwan buas.
7 Awaké dhéwé iki kaya manuk sing ucul
Saka perangkapé pemburu.+
Perangkap kuwi rusak,
Terus awaké dhéwé ucul.+
8 Awaké dhéwé ditulungi karo sing jenengé Yéhuwah,+
Sing nggawé langit lan bumi.”