PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kidung Agung 3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Kidung Agung

    • WONG WÉDOK SYULAM ING PERKÉMAHANÉ RAJA SALOMO (1:1–3:5)

    • WONG WÉDOK SYULAM ING YÉRUSALÈM (3:6–8:4)

        • Wong-wong wédok Zion (6-11)

          • Rombongané Salomo

Kidung Agung 3:1

Réferènsi Silang

  • +Kid 1:7
  • +Kid 5:6

Kidung Agung 3:3

Réferènsi Silang

  • +Kid 5:7

Kidung Agung 3:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”kamaré”.

Réferènsi Silang

  • +Kid 8:2

Kidung Agung 3:5

Réferènsi Silang

  • +Kid 2:7; 8:4

Kidung Agung 3:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 30:23, 24, 34

Kidung Agung 3:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Kursi sing dipanggul kanggo nggawa raja utawa wong penting.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 9:22

Kidung Agung 3:9

Réferènsi Silang

  • +1Raj 5:8, 9

Kidung Agung 3:11

Réferènsi Silang

  • +2Sam 12:24; WB 4:3

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Kid. 3:1Kid 1:7
Kid. 3:1Kid 5:6
Kid. 3:3Kid 5:7
Kid. 3:4Kid 8:2
Kid. 3:5Kid 2:7; 8:4
Kid. 3:6Pa 30:23, 24, 34
Kid. 3:71Raj 9:22
Kid. 3:91Raj 5:8, 9
Kid. 3:112Sam 12:24; WB 4:3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kidung Agung 3:1-11

Kidung Agung

3 ”Pas bengi ing panggonanku turu,

Aku mikirké kekasihku.+

Aku kangen, ning dhèwèké ora ana ing kéné.+

 2 Aku arep tangi lan ngubengi kutha.

Aku arep nggolèki kekasihku,

Ing dalan lan ing lapangan.

Aku kangen, ning dhèwèké ora ana ing kéné.

 3 Para penjaga sing ngubengi kutha ketemu karo aku lan tak takoni,+

’Apa njenengan weruh kekasihku?’

 4 Ora let suwé sakwisé ketemu para penjaga kuwi,

Aku ketemu karo wong sing tak sayangi.

Dhèwèké tak cekeli, ora bakal tak eculké

Nganti aku nggawa dhèwèké ing omahé ibuku,+

Ing omahé* ibu sing nglairké aku.

 5 Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpah

Demi kidang karo kidang wédok ing padhang,

Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné.”+

 6 ”Sing teka saka padhang belantara kaya asap kuwi apa?

Wanginé kaya mur* lan menyan,

Lan ambuné kaya bedhak wangi saka pedagang.”+

 7 ”Kuwi tandhuné* Salomo.

Ing sak ubengé tandhu kuwi,

Ana prajurit Israèl 60,+

 8 Kabèh nduwé pedhang,

Kabèh dilatih perang,

Kabèh nduwé pedhang ing pinggangé

Bèn siap ngadhepi serangan pas bengi.”

 9 ”Kuwi tandhuné Raja Salomo

Sing digawé Salomo saka wit ing Lébanon.+

10 Cagak-cagaké digawé saka pérak,

Sèndhèrané digawé saka emas,

Lan kursiné saka wol ungu.

Bagéan njeroné dihias karo wong-wong wédok Yérusalèm

Nganggo rasa sayang.”

11 ”Wong-wong wédok Zion, ayo padha metu.

Deloken Raja Salomo.

Dhèwèké nganggo mahkota sing digawé ibuné+

Pas dhèwèké arep nikah,

Pas atiné lagi seneng.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim