Yésaya
4 Wektu kuwi, wong wédok pitu bakal njaluk tulung marang wong lanang siji+ karo ngomong,
”Dadia bojoku bèn aku isa diundang* nganggo jenengmu
Aku bakal nggolèk pangan dhéwé
Lan nganggo klambiku dhéwé.”
2 Wektu kuwi, tanduran sing dithukulké Yéhuwah bakal dadi mulya lan diajèni. Wong Israèl sing isih slamet bakal bangga lan seneng merga hasil tanah kuwi.+ 3 Wong-wong sing isih ana ing Zion lan ing Yérusalèm bakal dianggep suci. Jenengé kabèh wong ing Yérusalèm bakal ditulis bèn wong-wong kuwi tetep urip.+
4 Yéhuwah ngresiki regedané* anaké wédok Zion.+ Gusti Allah bakal nesu lan ngadili Yérusalèm bèn isa ngumbah bekas getihé Yérusalèm.+ 5 Terus, Yéhuwah bakal nggawé méga lan asap pas awan lan nggawé geni murub pas bengi+ ing kabèh wilayah ing Gunung Zion lan ing panggonan sing biasa dienggo ngumpul. Kabèh panggonan sing mulya kuwi bakal dilindhungi. 6 Bakal ana gubug sing isa dienggo ngéyub saka panasé matahari pas awan,+ lan kuwi ya isa dienggo berlindung pas ana udan lan badai.+