PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 41
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Gédalia dipatèni karo Ismaèl (1-10)

      • Ismaèl mlayu ninggalké Yohanan (11-18)

Yérémia 41:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”benih kerajaan”.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:23; Yér 40:14
  • +2Raj 25:25

Yérémia 41:5

Réferènsi Silang

  • +1Raj 12:1
  • +Yos 18:1
  • +1Raj 16:23, 24
  • +Km 19:27, 28; PT 14:1
  • +Km 2:1

Yérémia 41:9

Réferènsi Silang

  • +1Raj 15:22; 2Bb 16:6

Yérémia 41:10

Réferènsi Silang

  • +Yér 40:12
  • +Yér 40:7
  • +Yér 40:14

Yérémia 41:11

Réferènsi Silang

  • +Yér 40:13; 43:2

Yérémia 41:12

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”cedhak kolam gedhé”.

Yérémia 41:14

Réferènsi Silang

  • +Yér 40:6

Yérémia 41:16

Réferènsi Silang

  • +Yér 41:2

Yérémia 41:17

Réferènsi Silang

  • +PD 35:19
  • +2Raj 25:26; Yér 42:14; 43:7

Yérémia 41:18

Réferènsi Silang

  • +Yér 41:2

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 41:12Raj 25:23; Yér 40:14
Yér. 41:12Raj 25:25
Yér. 41:51Raj 12:1
Yér. 41:5Yos 18:1
Yér. 41:51Raj 16:23, 24
Yér. 41:5Km 19:27, 28; PT 14:1
Yér. 41:5Km 2:1
Yér. 41:91Raj 15:22; 2Bb 16:6
Yér. 41:10Yér 40:12
Yér. 41:10Yér 40:7
Yér. 41:10Yér 40:14
Yér. 41:11Yér 40:13; 43:2
Yér. 41:14Yér 40:6
Yér. 41:16Yér 41:2
Yér. 41:17PD 35:19
Yér. 41:172Raj 25:26; Yér 42:14; 43:7
Yér. 41:18Yér 41:2
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 41:1-18

Yérémia

41 Ing sasi kepitu, Ismaèl+ anaké Nétania anaké Èlisyama, yaiku keturunané raja* lan salah siji wong penting ing kerajaan, teka bareng karo wong lanang sepuluh nemoni Gédalia anaké Ahikam ing Mizpa.+ Pas padha mangan bareng ing Mizpa, 2 Ismaèl anaké Nétania lan wong lanang sepuluh sing bareng karo dhèwèké matèni Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan nganggo pedhang. Ya kaya ngono kuwi dhèwèké matèni wong sing diangkat raja Babilon kanggo mréntah ing tanah kuwi. 3 Ismaèl ya matèni kabèh wong Yahudi sing ana bareng karo Gédalia ing Mizpa lan para prajurit Khaldéa sing ana ing kana.

4 Sedina sakwisé Gédalia dipatèni, sakdurungé ana sing ngerti soal kuwi, 5 ana wong 80 sing teka saka Syikhèm,+ Syilo,+ lan Samaria.+ Wong-wong kuwi wis padha nyukur jénggoté nganti entèk, nyuwèk klambiné, lan mbesèti awaké.+ Wong-wong kuwi ya padha nggawa persembahan biji-bijian lan menyan+ arep digawa menyang omahé Yéhuwah. 6 Ismaèl anaké Nétania lunga saka Mizpa kanggo nemoni wong-wong kuwi lan mlaku karo nangis. Pas ketemu karo wong-wong kuwi, dhèwèké kandha, ”Temonana Gédalia anaké Ahikam.” 7 Ning pas wong-wong kuwi tekan ing kutha, Ismaèl anaké Nétania lan anak buahé matèni wong-wong kuwi, terus nguncalké mayat-mayaté ing sumur.

8 Saka antarané wong-wong kuwi, ana wong sepuluh sing kandha marang Ismaèl, ”Aja matèni aku. Aku nduwé gandum, barli, minyak, lan madu sing tak dhelikké ing ladhang.” Mula, wong sepuluh kuwi ora sida dipatèni kaya sedulur-seduluré. 9 Ismaèl nguncalké kabèh mayaté wong-wong sing dipatèni mau menyang penampungan banyu sing gedhé, sing digawé Raja Asa pas perang nglawan Baasya raja Israèl.+ Sumur kuwi kebak mayaté wong-wong sing dipatèni Ismaèl anaké Nétania.

10 Ismaèl ya nangkep kabèh wong sing isih manggon ing Mizpa,+ termasuk anak-anaké wédok raja lan kabèh wong sing isih ana ing Mizpa, yaiku kabèh wong sing wis diserahké Kepala Pengawal Nébuzaradan bèn diawasi Gédalia+ anaké Ahikam. Ismaèl anaké Nétania ndadèkké wong-wong kuwi tawanané lan dijak nyabrang menyang wilayahé wong Ammon.+

11 Wektu Yohanan+ anaké Karéah lan kabèh pemimpin pasukan sing bareng dhèwèké krungu soal kabèh kejahatané Ismaèl anaké Nétania, 12 wong-wong kuwi nglumpukké kabèh wong lanang, terus mangkat arep nglawan Ismaèl anaké Nétania. Wong-wong kuwi ketemu Ismaèl ing cedhak perairan sing amba* ing Gibéon.

13 Pas ndelok Yohanan anaké Karéah lan kabèh pemimpin pasukan sing bareng dhèwèké, wong-wong sing ditawan Ismaèl seneng banget. 14 Terus, kabèh wong sing ditawan Ismaèl saka Mizpa+ padha mbalik lan lunga bareng karo Yohanan anaké Karéah. 15 Ning, Ismaèl anaké Nétania lan anak buahé wolu padha mlayu ninggalké Yohanan lan marani wong Ammon.

16 Yohanan anaké Karéah lan kabèh pemimpin pasukan sing bareng dhèwèké nggawa kabèh wong sing wis dislametké saka Ismaèl anaké Nétania, sing wis ditangkep ing Mizpa sakwisé Ismaèl matèni Gédalia+ anaké Ahikam. Saka Gibéon, Yohanan nggawa bali manèh wong-wong lanang, para prajurit, wong-wong wédok, anak-anak, lan para pejabat. 17 Terus, kabèh wong kuwi lunga lan nginep ing penginepané Khimham ing cedhak Bètlehèm.+ Rencanané kabèh wong kuwi arep lunga menyang Mesir.+ 18 Wong-wong kuwi wedi karo wong Khaldéa merga Ismaèl anaké Nétania wis matèni Gédalia anaké Ahikam sing wis diangkat raja Babilon kanggo mréntah ing tanah kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim