1 Korintus
6 Wektu kowé padha udur-uduran, ngapa kowé kok nganti lunga menyang pengadilan kanggo diadili karo wong-wong sing ora manut hukumé Gusti Allah, lan ora diadili karo wong-wong suci? 2 Apa kowé ora ngerti nèk wong-wong suci bakal ngadili donya? Nèk kowé bakal ngadili donya iki, apa kowé ora isa ngadili perkara-perkara sing cilik? 3 Apa kowé ora ngerti nèk kita bakal ngadili para malaékat? Dadi, ngapa kok masalah-masalah lumrah sing kelakon saiki ora isa kita tangani? 4 Nèk ana masalah-masalah lumrah sing kelakon saiki lan kudu ditangani, ngapa kok kowé milih wong-wong sing ora ditampa karo jemaat kanggo dadi hakim tumrap kowé? 5 Aku ngomong kaya ngono supaya kowé isin. Apa ing antaramu ora ana siji-sijia wong sing wicaksana, sing isa nangani masalah sing kelakon ing antarané para seduluré? 6 Nanging, kowé malah nglawan sedulur-sedulurmu ing pengadilan, ing ngarepé wong-wong sing ora seiman!
7 Sakjané, kuwi tegesé kowé wis kalah nèk kowé padha nuntut siji lan sijiné ing pengadilan. Apa ora luwih becik kowé ngejarké waé awakmu digawé rugi karo wong liya? Ngapa kok kowé ora ngejarké waé awakmu diapusi? 8 Kowé malah nggawé rugi lan ngapusi sedulur-sedulurmu!
9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kratoné Allah? Aja padha ngapusi awakmu dhéwé! Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* wong sing nyembah brahala, wong sing laku jina, wong lanang sing gelem digunakké kanggo homosèks, wong lanang sing nindakké homosèks,* 10 maling, wong sing srakah, wong sing seneng mabuk, wong sing seneng ngrèmèhké,* lan rampok ora bakal nampa warisan Kratoné Allah. 11 Mbiyèn, cara uripé sapérangan wong ing antaramu kaya ngono. Nanging saiki kowé wis digawé resik, digawé suci lan dianggep bener ing jenengé Gusti Yésus Kristus lan nganggo roh suciné Gusti Allah kita.
12 Kanggoku, kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh maédahi. Senajan kanggoku kabèh bab éntuk ditindakké, aku ora gelem dikendhalèni* apa waé. 13 Panganan kuwi kanggo weteng, lan weteng kanggo panganan, nanging loro-loroné bakal dipungkasi karo Gusti Allah. Badan kuwi ora kanggo hubungan sèks sing ora sah* nanging kanggo kepentingané Gusti, lan Gusti kanggo kepentingané badan. 14 Gusti Allah wis nguripké manèh Gusti, lan Panjenengané uga bakal nguripké manèh kita nganggo kuwasané.
15 Apa kowé ora ngerti nèk badanmu kuwi bagéan saka badané Kristus? Mula, apa aku bakal njupuk bagéan saka badané Kristus kanggo tak dadèkké siji karo badané pelacur? Mesthiné ora! 16 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing hubungan sèks karo pelacur bakal dadi sak badan karo dhèwèké? Gusti Allah ngendika, ”Loro-loroné kuwi bakal dadi siji.”* 17 Nanging wong sing nyawiji karo Gusti bakal nduwé pikiran sing padha kaya dhèwèké.* 18 Cepet nyingkira saka* hubungan sèks sing ora sah!* Ora ana dosa liyané sing kaya ngono. Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah nggawé dosa marang badané dhéwé. 19 Apa kowé ora ngerti nèk badanmu kuwi baité roh suci sing ana ing awakmu, sing kok tampa saka Gusti Allah? Kowé dudu duwèké awakmu dhéwé, nanging kowé duwèké Gusti Allah, 20 merga kowé wis dituku nganggo rega sing larang. Dadi, gunakna badanmu kanggo ngluhurké Gusti Allah.