1 Korintus
9 Aku iki kan bébas nindakké apa waé sing tak péngini, ta? Aku iki kan rasul, ta? Aku kan ya wis tau ndelok Yésus Gusti kita, ta? Kowé kuwi kan hasil anggonku nyambut gawé ana ing Gusti, ta? 2 Senajan aku dudu rasul kanggo wong liya, nanging aku rasul kanggo kowé kabèh! Kowé kabèh kuwi bukti* sing nduduhké nèk aku iki rasul kanggo Gusti.
3 Iki pembélaanku marang wong-wong sing ngadili aku: 4 Aku kabèh nduwé hak kanggo mangan lan ngombé, ta? 5 Kaya rasul-rasul liyané, adhi-adhiné Gusti kita, lan Kéfas,* aku kabèh kan nduwé hak kanggo nikah karo wong wadon Kristen lan nggawa bojoku kuwi lunga bareng karo aku, ta? 6 Utawa, apa mung Barnabas lan aku sing ora nduwé hak kanggo mandheg golèk pangan? 7 Apa ana prajurit sing nindakké tugas nganggo ragadé dhéwé? Apa ana wong sing nandur anggur nanging ora mangan wohé? Utawa apa ana pangon sing ora ngombé susu saka wedhusé dhéwé?
8 Apa omonganku iki mung saka pikirané manungsa? Hukum Taurat kan ya ngomong kaya ngono, ta? 9 Ing Hukum Musa ana tulisan ngéné, ”Aja mbrangus cangkemé sapi sing lagi nggiling gandum.” Apa sing digatèkké Gusti Allah kuwi sapi-sapi mau? 10 Utawa kuwi ditulis kanggo paédahé kita? Kuwi pancèn ditulis kanggo paédahé kita, merga wong sing mbajak lan sing nggiling mesthi ngarep-arep éntuk bagéan.
11 Merga aku kabèh wis nandur bab-bab rohani ing antaramu, apa salah nèk aku kabèh nampa bantuan matèri saka kowé? 12 Nèk wong liya waé nduwé hak kanggo nampa bantuan matèri saka kowé, mesthiné aku kabèh luwih nduwé hak, ta? Senajan ngono, aku ora nggunakké hak kuwi. Aku malah nanggung sakabèhé supaya aja nganti ngalang-alangi anggoné kita martakké kabar apik bab Kristus. 13 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing nindakké tugas suci ing bait éntuk panganan saka bait, lan sing tugas ing mésbah éntuk jatah saka mésbah kuwi? 14 Semono uga, Gusti ngongkon wong-wong sing martakké kabar apik kanggo urip saka anggoné martakké kabar apik.
15 Nanging, aku babar blas ora nggunakké pengaturan iki. Aku ora nulis iki supaya kuwi kabèh disedhiakké kanggo aku. Luwih becik aku mati ketimbang aku kélangan alesan kanggo bangga. 16 Senajan aku martakké kabar apik, iki dudu alesan kanggo aku ngrasa bangga, merga iki wis dadi kewajibanku. Malah, aku bakal cilaka nèk aku ora martakké kabar apik! 17 Nèk aku nindakké kuwi kanthi lila, aku bakal éntuk opah. Saumpama aku nindakké kuwi kanthi kepeksa, aku ya tetep dipercaya kanggo nindakké tugas kuwi. 18 Mula, apa opahku? Opahku yaiku wektu aku martakké kabar apik, aku isa nindakké kuwi tanpa dibayar. Nganggo cara kuwi, aku ora nggunakké hakku ing bab martakké kabar apik nganggo cara sing salah.
19 Senajan aku dudu budhaké sapa-sapa, aku ndadèkké awakku budhaké kabèh wong, supaya aku isa mbantu sak akèh-akèhé wong. 20 Marang wong Yahudi, aku dadi wong Yahudi supaya aku isa mbantu wong Yahudi. Marang wong sing nindakké hukum, aku dadi wong sing nindakké hukum supaya aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé ora nindakké hukum. 21 Marang wong sing ora nindakké hukum, aku dadi wong sing ora nindakké hukum supaya aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé nindakké hukumé Gusti Allah lan hukumé Kristus. 22 Marang wong sing ringkih, aku dadi wong ringkih supaya isa mbantu wong-wong kuwi. Aku wis nindakké sak isa-isaku kanggo mbantu kabèh wong, supaya nganggo cara apa waé aku isa nylametké sapérangan wong. 23 Apa waé tak tindakké kanggo kepentingané kabar apik lan kanggo martakké kuwi marang wong liya.
24 Apa kowé padha ora ngerti nèk ing balapan mlayu, kabèh wong padha mlayu nanging mung siji sing nampa hadiah? Mlayua sak kuwat tenagamu supaya kowé isa nampa hadiah kuwi. 25 Saben wong sing mèlu balapan mlayu* ngendhalèni dhiri ing kabèh perkara. Wong-wong padha nindakké kuwi supaya éntuk mahkota sing isa sirna, nanging kita nindakké kuwi supaya kita isa éntuk mahkota sing ora isa sirna. 26 Kuwi sebabé anggonku mlayu ora tanpa tujuan, lan anggonku njotos ora kaya njotos angin. 27 Aku nggebugi* awakku dhéwé lan ndadèkké kuwi budhakku, supaya aja nganti aku dhéwé, sing wis mulang wong liya, malah ditolak* karo Gusti Allah.