PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 65 hlm. 154-hlm. 155 par. 1
  • Èster Nylametké Bangsané

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Èster Nylametké Bangsané
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké Wicaksana lan Lila Toh Nyawa
    Tirunen Imané
  • Dhèwèké Mbéla Umaté Allah
    Tirunen Imané
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 65 hlm. 154-hlm. 155 par. 1
Ratu Èster mlebu halaman istanané Raja Ahaswéros sing dijaga ketat

PELAJARAN 65

Èster Nylametké Bangsané

Ratu Èster

Èster kuwi wong wédok Yahudi. Èster manggon ing kutha Syusyan ing Pèrsia. Dhèwèké kuwi keturunané wong-wong sing digawa saka Yérusalèm ing Babilon. Dhèwèké digedhèkké karo sepupuné, sing jenengé Mordekai. Mordekai kuwi pelayané raja Pèrsia, sing jenengé Ahaswéros.

Raja Ahaswéros péngin nduwé ratu anyar. Mula, pelayané ngumpulké wong-wong wédok sing paling ayu ing negri kuwi, termasuk Èster. Raja akhiré milih Èster dadi ratu. Mordekai ngongkon Èster bèn ora ngomong nèk Èster kuwi wong Yahudi.

Ana kepala pejabat sing jenengé Haman. Haman kuwi sombong. Haman péngin kabèh wong sujud karo dhèwèké. Tapi, Mordekai ora gelem. Haman dadi nesu banget. Dhèwèké péngin matèni Mordekai. Haman akhiré ngerti nèk Mordekai kuwi wong Yahudi. Mula, dhèwèké nggawé rencana kanggo matèni kabèh wong Yahudi ing negri kuwi. Dhèwèké ngomong karo Raja, ’Wong Yahudi kuwi bahaya. Wong-wong kuwi kudu disingkirké.’ Ahaswéros njawab, ’Ya wis sak karepmu bangsa kuwi arep mbok apakké.’ Ahaswéros ya mènèhi Haman kuwasa kanggo nggawé hukum. Haman nggawé hukum sing isiné yaiku kudu matèni kabèh wong Yahudi ing tanggal 13 sasi Adar. Yéhuwah ngerti kuwi kabèh.

Èster ora ngerti soal hukum kuwi. Mula, Mordekai mènèhi salinané. Dhèwèké ngomong, ’Kowé kudu ngomong karo Raja.’ Èster njawab, ’Sapa waé sing nemoni Raja tanpa diundang bakal dipatèni. Wis 30 dina aku ora diundang Raja. Tapi, aku bakal tetep nemoni Raja. Nèk Raja ngethungké tongkaté, aku bakal tetep urip. Tapi nèk ora, aku bakal mati.’

Èster lunga ing halaman istana. Wektu ndelok Èster, Raja ngethungké tongkaté. Terus, Èster nyedhak. Raja takon, ’Kowé arep njaluk apa, Èster?’ Èster ngomong, ’Aku péngin ngundang njenengan lan Haman ing péstaku.’ Ing pésta kuwi, Èster ngundang Raja lan Haman kanggo teka manèh ing péstané sing keloro. Pas pésta sing keloro, Raja takon manèh, ’Kowé arep njaluk apa?’ Èster ngomong, ’Ana wong sing arep matèni aku lan bangsaku. Tulung slametké aku lan bangsaku.’ Terus, Raja ngomong, ’Sapa sing arep matèni kowé?’ Èster njawab, ’Wong jahat kuwi ya si Haman iki.’ Ahaswéros dadi nesu banget. Dhèwèké langsung ngongkon bèn Haman dipatèni.

Tapi, ora ana sing isa mbatalké hukumé Haman. Raja ya ora isa. Mula, Raja milih Mordekai dadi kepalané para pejabat. Dhèwèké ya diwènèhi kuwasa kanggo nggawé hukum sing anyar. Mordekai nggawé hukum sing isiné yaiku wong Yahudi éntuk nglawan wektu diserang. Ing tanggal 13 sasi Adar, wong Yahudi isa ngalahké mungsuhé. Mulai wektu kuwi, wong Yahudi terus ngrayakké kemenangané kuwi saben taun.

”Kowé bakal digawa ing ngarepé gubernur lan raja merga dadi muridku. Kuwi kelakon bèn kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi lan marang bangsa-bangsa liyané.”​—Matius 10:18

Pertanyaan: Haman péngin ngapakké wong Yahudi? Apa buktiné nèk Èster percaya karo Yéhuwah?

Èster 2:5-20; 3:1–5:8; 7:1–8:14; 9:1-28

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim