PELAJARAN 18
Semak sing Kobong
Wis 40 taun Musa manggon ing Midian. Ing kono, dhèwèké nikah lan nduwé anak-anak. Pas lagi njaga domba ing cedhak Gunung Sinai, Musa ndelok ana sing luar biasa. Ana semak berduri sing kobong, tapi ora gosong. Musa nyedhaki semak kuwi. Terus, ana swara saka semak kuwi, ’Musa! Aja nyedhak! Copoten sandhalmu merga kowé ngadeg ing tanah sing suci.’ Kuwi swarané Yéhuwah sing lagi ngomong liwat malaékat.
Musa nutupi wajahé merga wedi. Yéhuwah ngomong, ’Aku ndelok nèk bangsa Israèl susah banget uripé. Aku bakal nylametké bangsa Israèl saka bangsa Mesir. Bangsa kuwi bakal Tak gawa ing dhaérah sing subur. Aku milih kowé kanggo mimpin umat-Ku metu saka Mesir.’ Musa mesthi kagèt banget.
Musa takon, ’Nèk ana sing takon sapa sing ngongkon aku, aku kudu njawab apa?’ Yéhuwah njawab, ’Ngomong waé karo bangsa Israèl nèk kowé dikon Yéhuwah, yaiku Allahé Abraham, Allahé Ishak, lan Allahé Yakub.’ Musa takon manèh, ’Piyé nèk padha ora ngrungokké aku?’ Yéhuwah mènèhi bukti nèk bakal mbantu Musa. Yéhuwah ngongkon Musa nguncalké tongkaté ing tanah. Tongkat kuwi berubah dadi ula. Wektu Musa nyekel buntuté ula kuwi, ulané berubah dadi tongkat manèh. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé nindakké iki, iki bakal dadi bukti nèk Aku sing ngongkon kowé.’
Musa ngomong, ’Aku ora pinter ngomong.’ Yéhuwah janji, ’Kowé bakal Tak kandhani apa sing kudu mbok omongké. Aku ya bakal ngongkon Harun, kakangmu, kanggo mbantu kowé.’ Merga wis yakin nèk bakal dibantu Yéhuwah, Musa bali ing Mesir bareng karo bojo lan anak-anaké.
”Aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong. Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké.”—Matius 10:19