LAGU 8
Yéhuwah sing Nglindhungi
Vèrsi Tercétak
1. Yéhuwah sing nglindhungi,
Aku ora wedi.
Allahku sing perduli,
Aku diopèni.
Wong sing setya karo Gusti
mesthi bakal dibélani.
Yéhuwah sing nglindhungi
lan mesthi bakal nulungi.
2. Wong sing ’ra manut Gusti
mesthi bakal mati.
Ning aku ’ra ngalami
merga dilindhungi.
’Ra kuwatir ati iki,
Ora perlu ngrasa wedi.
Yéhuwah sing nglindhungi,
’Ra ana sing nggawé wedi.
3. Aku ya dilindhungi
saka sing mungsuhi.
’Ra wedi wektu bengi,
Aku tetep wani.
Ora wedi dipatèni
karo mungsuh sing njahati.
Yéhuwah sing nglindhungi,
Sing bakal terus nulungi.
(Deloken Mzm. 97:10; 121:3, 5; Yés. 52:12.)