PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Perjuangan sing Nggumunké
    Warta Penting (Umum)—2016 | No. 4
    • SING UTAMA DIREMBUG | PERJUANGANÉ ALKITAB

      Perjuangan sing Nggumunké

      Wong lanang nyekel Alkitab lan kétok ora percaya

      Ora ana kitab suci kaya Alkitab. Mung Alkitab sing tekan saiki isa nggawé wong-wong nduwé iman sing kuwat. Lan, mung Alkitab sing akèh diteliti lan digolèki salahé.

      Contoné, ana para ahli sing ora percaya nèk Alkitab isih kaya asliné. Salah sijiné profésor agama kandha, ”Aku ora yakin nèk Alkitab sing saiki isih kaya tulisan asliné. Sing ana mung tulisan-tulisan kuna sing akèh salahé. Akèh-akèhé, kuwi digawé pirang-pirang atus taun sakwisé tulisan asliné ditulis, lan kuwi béda karo asliné.”

      Merga agamané, ana sing percaya nèk Alkitab ora asli manèh. Contoné, Faizal, sing agamané dudu Kristen, diwulang nèk Alkitab kuwi wis diowahi. Faizal kandha, ”Dadiné aku ora patia seneng nèk ana wong sing arep ngrembug Alkitab karo aku. Wong-wong kuwi ora nduwé Alkitab sing asli. Kuwi wis diowahi.”

      Apa dadi masalah nèk ora ngerti tulisan asliné? Coba dipikir, apa panjenengan isa percaya janjiné Alkitab bab donya mbésuk, senajan ora maca tulisan asliné? (Rum 15:4) Nèk Alkitab sing saiki ora asli, apa panjenengan bakal nggunakké pathokané Alkitab kanggo nggawé keputusan bab gawéan, keluarga, utawa ibadah?

      Senajan tulisan asliné wis ora ana, ning isih ana salinané, sing cacahé éwon. Piyé perjuangané Alkitab bèn ora rusak, ora disingkirké, lan ora diowahi? Piyé carané perjuangan mau nggawé panjenengan percaya nèk Alkitab sing saiki isih kaya asliné? Gatèkna jawaban saka pitakonan mau ing kaca-kaca sakbanjuré.

  • Perjuangan Bèn Ora Rusak
    Warta Penting (Umum)—2016 | No. 4
    • SING UTAMA DIREMBUG | PERJUANGANÉ ALKITAB

      Perjuangan Bèn Ora Rusak

      MASALAHÉ: Alkitab ditulis lan diturun ing papirus lan kulit kéwan.a (2 Timotéus 4:13) Apa buktiné nèk Alkitab ora awèt merga ditulis ing papirus lan kulit kéwan?

      Papirus gampang suwèk, luntur, lan rusak. Peneliti sejarah Mesir sing jenengé Richard Parkinson lan Stephen Quirke kandha, ”Papirus suwé-suwé isa remuk. Nèk disimpen, gulungan papirus isa remuk, bosok, lan dipangan tikus. Uga, isa dipangan rayap nèk dipendhem.” Sakwisé ditemokké, ana papirus sing tambah rusak merga kena srengéngé lan didèlèh ing panggonan sing lembap.

      Kulit kéwan luwih awèt timbang papirus. Ning, kuwi isa rusak nèk ora diopèni utawa didèlèh ing panggonan sing panas utawa adhem banget, lembap, utawa kena srengéngé.b Kulit kéwan uga dipangan rayap. Mula, akèh tulisan kuna sing saiki wis ora ana. Nèk Alkitabé rusak, isiné ora isa diwaca manèh.

      PERJUANGANÉ ALKITAB: Ing hukum Yahudi ana aturan nèk saben raja kudu ’nggawé layang turunané angger-angger’ yaiku limang buku sing sepisanan saka Alkitab. (Pangandharing Torèt 17:18) Ing abad kapisan Masèhi, para ahli nurun akèh tulisan kuna. Kitab-kitab kuwi ana ing saben sinagoga ing Israèl lan nganti tekan Makédonia. (Lukas 4:16, 17; Lelakoné Para Rasul 17:11) Apa sebabé tulisan-tulisan kuwi isa ana tekan saiki?

      1. Guci lempung; 2. Bagéan saka Gulungan Laut Mati

      Tulisan kuna sing jenengé Gulungan Laut Mati sing disimpen ing njero guci ing guwa ing dhaérah panas, sing umuré atusan taun

      Guwa sing dinggo nyimpen tulisan kuna

      Sarjana Perjanjian Anyar sing jenengé Philip W. Comfort kandha, ”Wong-wong Yahudi seneng nyimpen gulungan Alkitab ing njero kendhi utawa guci bèn awèt.” Wong-wong Kristen uga nindakké kebiasaan kuwi. Mula, tulisan-tulisan kuna Alkitab ana sing ditemokké ing njero guci, ruangan cilik, lan guwa ing dhaérah sing hawané panas.

      HASILÉ: Bagéan-bagéan Alkitab sing cacahé éwon, sing umuré luwih saka 2.000 taun, isih ana nganti saiki. Ora ana buku liya sing nduwé akèh salinan sing umuré sakmono.

      a Bahan papirus kuwi saka tanduran banyu sing jenengé papirus.

      b Contoné, Deklarasi Kemerdekaan AS sing resmi, ditulis lan ditandatangani ing kulit kéwan. Saiki, kurang saka 250 taun sakwisé, tulisan kuwi wis mèh ora isa diwaca manèh.

  • Perjuangan Bèn Ora Disingkirké
    Warta Penting (Umum)—2016 | No. 4
    • SING UTAMA DIREMBUG | PERJUANGANÉ ALKITAB

      Perjuangan Bèn Ora Disingkirké

      MASALAHÉ: Akèh pemimpin politik lan agama sing ora setuju karo isiné Alkitab. Kerep-kerepé, wong-wong kuwi nggunakké kuwasané kanggo nglarang wong-wong nduwèni, nyétak, utawa nerjemahké Alkitab. Gatèkna conto-conto iki:

      • Taun 167 SM: Keturunané Seleukus sing jenengé Raja Antiokhus Epifanes meksa wong-wong Yahudi mèlu agamané wong Yunani, lan ngongkon kabèh kitab Ibrani disingkirké. Ahli sejarah sing jenengé Heinrich Graetz kandha nèk para pejabaté Antiokhus Epifanes ”saben ngerti ana gulungan Taurat langsung disuwèk lan diobong. Wong-wong sing péngin éntuk panglipur lan kekuwatan saka Taurat dipatèni”.

      • Abad Pertengahan: Ana pemimpin agama Katolik sing ora seneng wektu wong-wong biasa martakké ajarané Alkitab, dudu ajaran Katolik. Wong-wong sing nduwé Alkitab sakliyané kitab Jabur ing basa Latin dianggep wong sing nglawan geréja Katolik. Ana majelis geréja sing ngongkon anthèk-anthèké supaya ”tenanan nggolèki wong-wong sing dianggep nglawan geréja Katolik . . . nganggo cara ngglédhah omah-omah lan kamar-kamar rahasia sing dicurigai. . . . Omah sing konangan dinggo ndhelik wong-wong mau dirusak”.

      Nèk Alkitab isa disingkirké, sabdané Gusti Allah ora ana nganti saiki.

      Salah siji bagéan saka Terjemahan Alkitab basa Inggrisé William Tyndale

      Terjemahan Alkitab basa Inggris sing digawé William Tyndale tetep ana senajan dilarang, Alkitab diobong, lan William Tyndale dipatèni taun 1536

      PERJUANGANÉ ALKITAB: Raja Antiokhus terus ngupaya nyingkirké Alkitab ing Israèl, ning ana wong-wong Yahudi sing manggon ing negara-negara liya. Nurut para sarjana, ing abad kapisan Masèhi, ana luwih saka 60 persèn wong Yahudi sing ora manggon ing Israèl. Ing negara-negara kuwi, wong-wong Yahudi nyimpen Alkitab ing sinagoga. Kitab-kitab kuwi padha karo sing digunakké wong-wong saiki, klebu wong Kristen.​—Lelakoné Para Rasul 15:21.

      Ing abad pertengahan, wong-wong sing percaya karo Alkitab wani ngadhepi aniaya sarta terus nerjemahké lan nyalin Alkitab. Sakdurungé mesin cétak ditemokké ing abad 15, ana bagéan-bagéan Alkitab sing mbokmenawa wis diterjemahké ing 33 basa. Bar kuwi, cacahé Alkitab sing digawé lan basa sing dinggo nerjemahké saya suwé saya akèh.

      HASILÉ: Senajan arep disingkirké karo para raja lan pemimpin agama, Alkitab malah dadi buku sing paling akèh disebarké lan diterjemahké. Ana negara-negara sing basané nggunakké tembung-tembung saka Alkitab, lan nganggo pathokan-pathokané Alkitab kanggo nggawé hukum ing negara kuwi. Alkitab uga isa nylametké wong-wong.

  • Perjuangan Bèn Isiné Ora Diowahi
    Warta Penting (Umum)—2016 | No. 4
    • Wong lagi nyalin Alkitab

      Kelompok Masorèt ati-ati nyalin Alkitab

      SING UTAMA DIREMBUG | PERJUANGANÉ ALKITAB

      Perjuangan Bèn Isiné Ora Diowahi

      MASALAHÉ: Senajan bahané gampang rusak lan arep disingkirké, Alkitab tetep ana. Ning, ana wong-wong sing nyalin lan nerjemahké Alkitab sing ngupaya ngowahi isiné. Kadhang kala, wong-wong mau ngupaya ngowahi isiné Alkitab bèn cocog karo ajaran agamané, ora mriksa apa ajaran agamané cocog karo Alkitab. Gatèkna conto-conto iki:

      • Panggonan ibadah: Ing antarané taun 4 tekan 2 SM, sing nulis Pentateukh Samaria nambahké tembung ”Aargaareezem. Lan ing kono kowé kudu mbangun misbyah” sakwisé ayat Pangentasan 20:17. Wong-wong Samaria péngin Alkitab ndhukung pembangunan panggonan ibadah ing ”Aargaareezem”, utawa Gunung Gérizim.

      • Tritunggal: Kurang saka 300 taun sakwisé Alkitab rampung ditulis, wong-wong sing ndhukung Tritunggal nambahké ukara ”ana ing swarga, Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta kateluné iku dadi siji” ing 1 Yokanan 5:7. Ukara iki ora ana ing tulisan asliné. Ahli Alkitab sing jenengé Bruce Metzger kandha nèk ukara kuwi ”kèt abad 6, saya kerep dinggo ing Alkitab basa Latin kuna lan Vulgata [Latin]”.

      • Asmané Gusti Allah: Merga tradhisi Yahudi, ana penerjemah Alkitab sing ngilangi asmané Gusti Allah saka Alkitab. Wong-wong mau ngganti asmané Gusti Allah dadi ”Allah” utawa ”Gusti”. Tembung-tembung iki digunakké ing Alkitab ora mung kanggo Gusti Allah, ning uga kanggo manungsa, patung, lan Iblis.​—Yokanan 10:34, 35; 1 Korinta 8:5, 6; 2 Korinta 4:4.a

      PERJUANGANÉ ALKITAB: Sepisan, senajan ana penyalin Alkitab sing sembrana utawa ora bener, ning akèh sing trampil lan ati-ati. Kelompok Masorèt nyalin Kitab-Kitab Ibrani ing antarané abad 6 tekan 10 M, lan kuwi disebut tèks Masorèt. Ana laporan nèk wong-wong kuwi ngétung tembung lan hurufé bèn ora ana sing salah. Nèk ana sing salah ing tulisan asliné, kesalahan kuwi ditulis ing bagéan pinggir. Kelompok Masorèt ora gelem ngowahi Alkitab. Profésor Moshe Goshen-Gottstein nulis, ”Kanggoné wong-wong mau, ngowahi isiné Alkitab kuwi tumindak sing paling jahat.”

      Kapindho, akèh tulisan kuna sing saiki mbantu para ahli Alkitab nemokké kesalahan sing ana ing Alkitab. Contoné, saksuwéné pirang-pirang atus taun, para pemimpin agama mulang nèk Alkitab basa Latiné cocog karo tulisan asliné. Ning, wong-wong mau nambahi tembung-tembung sing ora bener ing 1 Yokanan 5:7. Kesalahan iki ana pengaruhé kanggo Alkitab basa Inggris King James Version. Ning, wektu tulisan kuna liyané ditemokké, apa sing dibuktèkké? Bruce Metzger nulis, ”Bagéan sing ditambahké [ing 1 Yokanan 5:7] mung ana ing basa Latin, ning ora ana ing tulisan kuna liyané (Siria, Koptik, Armenia, Etiopia, Arab, Slavia).” Hasilé, édhisi revisi King James Version lan Alkitab liyané wis ngilangi bagéan kuwi.

      Chester Beatty P46, papirus tulisan kuna saka kira-kira taun 200 M

      Chester Beatty P46, papirus tulisan kuna saka kira-kira taun 200 M

      Apa tulisan-tulisan kuna mbuktèkké nèk isiné Alkitab ora diowahi? Wektu Gulungan Laut Mati ditemokké ing taun 1947, para ahli Alkitab isa mbandhingké tèks Masorèt basa Ibrani karo gulungan mau, sing ditulis luwih saka sèwu taun sakdurungé. Salah sijiné wong sing nyinaoni Gulungan Laut Mati kandha nèk sak gulungan waé isa ”mènèhi bukti sing kuwat nèk tèks Alkitab sing disalin karo para penyalin Yahudi saksuwéné sèwu taun luwih, isih tetep cocog karo asliné lan ati-ati wektu disalin”.

      Ing Perpustakaan Chester Beatty ing Dublin, Irlandia, ana kumpulan papirus sing isiné mèh saben kitab saka Kitab-Kitab Yunani Kristen, klebu tulisan-tulisan kuna sing asalé saka abad 2 M, kira-kira satus taun sakwisé Alkitab rampung ditulis. The Anchor Bible Dictionary kandha, ”Papirus ora mung nyedhiyakké akèh katrangan anyar saka isiné, ning uga nduduhké nèk katrangan sing diturun tetep padha.”

      ”Sakliyané Alkitab, ora ana tulisan-tulisan kuna liyané sing diturun cocog karo asliné”

      HASILÉ: Tulisan-tulisan kuna sing cacahé akèh isa nggawé isiné Alkitab tetep kaya asliné. Sir Frederic Kenyon nulis bab Kitab-Kitab Yunani Kristen, ”Sakliyané Alkitab, ora ana buku liya sing nduwé akèh bukti sing wujudé tulisan-tulisan kuna, lan para ahli Alkitab sing tulus setuju nèk isiné Alkitab sing saiki cocog karo asliné.” Lan, ahli Alkitab sing jenengé William Henry Green kandha bab Kitab-Kitab Ibrani, ”Sakliyané Alkitab, ora ana tulisan-tulisan kuna liyané sing diturun cocog karo asliné.”

      a Kanggo katrangan luwih akèh, deloken Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bagéan 1 lan 2 ing jw.org/jv.

  • Apa Sebabé Alkitab Isa Ana Tekan Saiki?
    Warta Penting (Umum)—2016 | No. 4
    • Wong lanang maca Alkitab

      SING UTAMA DIREMBUG | PERJUANGANÉ ALKITAB

      Apa Sebabé Alkitab Isa Ana Tekan Saiki?

      Saiki panjenengan isa nduwé lan maca Alkitab, merga anané upaya sing tenanan bèn Alkitab tetep ana. Nèk éntuk terjemahan Alkitab sing apik, panjenengan isa percaya nèk Alkitab sing diwaca kuwi isiné padha karo asliné.a Ning, senajan ditulis ing bahan sing gampang rusak, arep disingkirké, lan ana sing ngupaya ngowahi isiné, apa sebabé Alkitab isih tetep ana? Apa istiméwané buku iki?

      ”Saiki aku yakin nèk Alkitab kuwi hadiah saka Gusti Allah”

      Akèh wong sing sinau Alkitab nduwé pikiran sing padha karo Rasul Paulus nèk Alkitab ”diwangsitaké déning Gusti Allah”. (2 Timotéus 3:16) Wong-wong kuwi percaya nèk Alkitab isih ana tekan saiki merga dijaga Gusti Allah, lan kuwi sabdané Gusti Allah sing ora ana tandhingané. Faizal, sing dicritakké ing kaca 3, akhiré mbuktèkké dhéwé bab kuwi nganggo cara sinau Alkitab. Dhèwèké gumun wektu ngerti isiné Alkitab. Dhèwèké langsung ngerti nèk ajarané geréja-geréja umumé ora ana ing Alkitab. Dhèwèké seneng banget wektu ngerti kersané Gusti Allah kanggo donya iki sing ditulis ing Alkitab.

      ”Saiki aku yakin nèk Alkitab kuwi hadiah saka Gusti Allah. Nèk Gusti Allah isa nggawé jagat iki, mesthiné Gusti Allah ya nduwé kuwasa kanggo mènèhi lan njaga sabdané nganti saiki. Ora ana sing isa mbatesi kuwasané Gusti Allah, apamanèh aku.”​—Yésaya 40:8.

      a Deloken artikel ”Bagaimana Memilih Terjemahan Alkitab yang Baik?” ing Menara Pengawal 1 Mei 2008.

      Apa Buktiné Nèk Isiné Alkitab Kuwi Bener?

      Artikel-artikel mau ngrembug perjuangané Alkitab tekan saiki. Ning, piyé panjenengan isa yakin nèk Alkitab pancèn ”sabdaning Allah” lan dudu dongèng? (1 Tésalonika 2:13) Deloken vidhéo cendhak Apa Buktiné Nèk Isiné Alkitab Kuwi Bener? ing www.jw.org/jv. (Golèkana ing bagéan vidhéo)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim