ARTIKEL PELAJARAN 42
Apa Njenengan ”Siap Manut”?
”Kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi nggawé wong dadi . . . siap manut.”—YAK. 3:17.
LAGU 101 Rukun Dadi Umaté Yéhuwah
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Apa waé sing marakké manut kuwi abot?
APA njenengan tau ngrasa nèk manut kuwi abot? Raja Daud tau kaya ngono. Makané dhèwèké ndonga, ”Gawénen aku bèn péngin manut karo Njenengan.” (Mzm. 51:12) Meskipun sayang karo Yéhuwah, Daud isih kudu berjuang bèn isa manut. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Lha ngapa? Pertama, merga awaké dhéwé ora sampurna, biasané pénginé mbrontak. Keloro, Sétan terus-terusan ngojok-ojoki bèn awaké dhéwé ora manut Gusti Allah, kaya dhèwèké. (2 Kor. 11:3) Ketelu, akèh-akèhé wong saiki seneng mbrontak merga ’pikirané dipengaruhi karo penguasané donya iki’. (Éf. 2:2) Makané, awaké dhéwé kudu berjuang bèn isa terus manut karo Yéhuwah lan karo wong-wong sing dikèki Yéhuwah wewenang.
2. Apa artiné ”siap manut”? (Yakobus 3:17)
2 Wacanen Yakobus 3:17. Yakobus ngomong nèk wong sing wicaksana kuwi ”siap manut”. Kuwi berarti bener-bener péngin manut karo wong-wong sing wis dikèki Yéhuwah wewenang. Tapi nèk awaké dhéwé dikon nglanggar préntahé Yéhuwah, aja manut.—Kis. 4:18-20.
3. Ngapa kok kudu manut karo wong-wong sing wis dikèki Yéhuwah wewenang?
3 Isa waé manut karo Yéhuwah kuwi luwih gampang timbang manut karo manungsa sing ora sampurna. Soalé, préntahé Yéhuwah kuwi mesthi bener. (Mzm. 19:7) Tapi, wong tuwa, pamréntah, lan para pinituwa wis dikèki wewenang karo Yéhuwah. (WB. 6:20; 1 Tés. 5:12; 1 Ptr. 2:13, 14) Dadi, nèk manut karo meréka berarti manut karo Yéhuwah. Ayo ngrembug piyé bèn tetep manut karo wong-wong sing wis dikèki Yéhuwah wewenang, meskipun awaké dhéwé ora setuju utawa arahané kuwi ora kaya sing awaké dhéwé karepké.
MANUT WONG TUWA
4. Ngapa kok bocah-bocah saiki akèh sing ora manut wong tuwané?
4 Saiki, akèh cah enom padha ”ora manut karo wong tuwa”. (2 Tim. 3:1, 2) Ana sing ngrasa nèk wong tuwané kuwi munafik. Soalé mung ngongkon-ngongkon thok, tapi meréka dhéwé ora nglakoni. Terus ya ana sing nganggep nèk naséhaté wong tuwa kuwi terlalu kaku utawa wis ketinggalan jaman. Yéhuwah ngekèki préntah, ”Kowé kudu manut karo wong tuwamu kaya sing dikarepké Gusti, merga kuwi sing bener kanggoné Gusti Allah.” (Éf. 6:1) Akèh cah enom, mungkin ya termasuk kowé, ngrasa nèk manut préntah kuwi abot. Nah, piyé bèn ora abot?
5. Ngapa kok Yésus kuwi conto sing paling apik soal manut karo wong tuwa? (Lukas 2:46-52)?
5 Ayo sinau saka Yésus. (1 Ptr. 2:21-24) Yésus sampurna, tapi wong tuwané ora sampurna. Wong tuwané Yésus ya kadhang ora memahami Yésus lan ya tau nggawé salah. Tapi, Yésus tetep ngajèni wong tuwané. (Pa. 20:12) Ayo ndelok peristiwa pas Yésus umur 12. (Wacanen Lukas 2:46-52.) Yésus karo keluargané lunga ing Yérusalèm. Nah, wektu perjalanan mulih, Yusuf karo Maria lagi sadhar nèk Yésus ora ana ing rombongané. Sakdurungé mulih, Yusuf karo Maria kuduné mastèkké sik nèk kabèh anaké wis mèlu ing rombongan. Pas akhiré wis ketemu Yésus, Maria malah nyenèni lan nyalahké Yésus. Yésus isa waé ngomong nèk dhèwèké ora salah. Tapi, Yésus tetep ngajèni wong tuwané. Buktiné, pas njawab dhèwèké tetep alus. Meskipun Yusuf karo Maria tetep ”ora ngerti maksudé Yésus”, tapi ”Yésus terus manut karo wong tuwané”.
6-7. Bèn cah enom luwih gampang manut wong tuwa, apa waé sing kudu diéling-éling?
6 Cah enom, apa kowé tau ngrasa nèk manut wong tuwa kuwi ora gampang? Mungkin merga wong tuwamu tau nggawé salah utawa meréka ora memahami kowé. Terus, piyé bèn kowé isa manut? Sing pertama, pikirna perasaané Yéhuwah. Menurut Alkitab, nèk kowé manut wong tuwamu kuwi nggawé Yéhuwah seneng. (Kol. 3:20) Yéhuwah ngerti nèk kadhang wong tuwa ora isa memahami anaké lan aturané mungkin ora adil kanggo anaké. Tapi nèk kowé tetep manut, Gusti Allah seneng.
7 Keloro, pikirna perasaané wong tuwamu. Nèk kowé manut, wong tuwamu isa seneng lan tambah percaya karo kowé. (WB. 23:22-25) Kowé ya bakal dadi tambah akrab karo wong tuwamu. Sedulur Alexandre saka Belgia ngomong, ”Merga aku manut karo wong tuwaku, kami dadi tambah akrab lan luwih bahagia.”b Ketelu, nèk kulina manut wong tuwamu, mengko mesthi ana manfaaté. Paulo, sing manggon ing Brasil, ngomong, ”Merga kulina manut wong tuwa, aku dadi luwih gampang kanggo manut Yéhuwah lan wong-wong sing nduwé wewenang.” Apa manèh manfaat liyané? Menurut Alkitab, ”Bèn uripmu kepénak lan umurmu dawa ing bumi.”—Éf. 6:2, 3.
8. Ngapa kok akèh cah enom manut wong tuwané?
8 Akèh cah enom wis ngrasakké dhéwé manfaaté manut wong tuwa. Luiza saka Brasil awalé ora trima dhèwèké ora éntuk nduwé HP, soalé kanca-kanca sak umurané wis padha nduwé HP. Tapi, akhiré dhèwèké ngerti nèk tujuané wong tuwané kuwi péngin nglindhungi dhèwèké. Dhèwèké ngomong, ”Nèk aku manut karo wong tuwaku kuwi sakjané dudu kaya ditalèni, tapi malah kaya dikèki sabuk pengaman.” Elizabeth saka Amerika Serikat kadhang-kadhang isih ngrasa nèk manut wong tuwané kuwi ora gampang. Dhèwèké ngomong, ”Pas aku ora paham ngapa kok wong tuwaku nggawé aturan tertentu, sing tak éling-éling kuwi nèk aku manut mesthi ana manfaaté.” Monica sing manggon ing Armenia crita nèk pas dhèwèké manut, hasilé mesthi apik. Tapi nèk ora manut, ya hasilé ora apik.
MANUT ”PAMRÉNTAH”
9. Piyé pendapaté wong-wong soal manut hukumé pamréntah?
9 Akèh wong setuju nèk kuduné ana pamréntah lan ana beberapa hukumé ”pamréntah” sing kudu ditaati. (Rm. 13:1) Tapi, nèk ana hukum sing ora disenengi utawa rasané ora adil, wong-wong kuwi ora gelem manut. Contoné, soal mbayar pajeg. Ing salah siji negara ing Eropa, akèh sing ngomong nèk menurut meréka kuwi ora adil, ora mbayar pajeg ya ora apa-apa. Makané, wong-wong ing negara kuwi pajegé sing dibayar ora kabèh.
Apa sing isa dipelajari saka Yusuf lan Maria? (Deloken paragraf 10-12)c
10. Ngapa kok kudu tetep manut hukumé pamréntah sing mungkin marahi susah?
10 Ing Alkitab disebutké nèk pamréntahané manungsa kuwi dikuwasani Sétan, marahi susah, lan ora suwé manèh bakal disingkirké. (Mzm. 110:5, 6; Pkh. 8:9; Luk. 4:5, 6) Ing Alkitab ya ditulis, ”Sapa waé sing nglawan pamréntah, kuwi artiné nglawan pengaturané Gusti Allah.” Saiki, pamréntah diijinké Yéhuwah ngatur bèn keadaané dadi luwih tertib. Makané, awaké dhéwé kudu ’mènèhké apa sing dadi haké pamréntah’. Termasuk mbayar pajeg, ngajèni, lan manut. (Rm. 13:1-7) Mémang, isa waé ana aturané pamréntah sing ora adil utawa marahi awaké dhéwé répot lan rugi. Tapi, awaké dhéwé tetep manut merga Yéhuwah sing ngongkon. Sing penting, kuwi ora nglanggar hukumé Yéhuwah.—Kis. 5:29.
11-12. Menurut Lukas 2:1-6, bèn isa manut hukumé pamréntah, apa sing diupayakké Yusuf karo Maria? Terus, apa hasilé? (Deloken gambar kanggo paragraf 11-12.)
11 Awaké dhéwé isa niru contoné Yusuf karo Maria, sing tetep manut pamréntah meskipun kuwi angèl. (Wacanen Lukas 2:1-6.) Pas kuwi, Maria lagi meteng sangang sasi. Kaisar Agustus ngongkon rakyaté bèn disènsus. Mulané, Yusuf karo Maria kudu lunga ing Bètlehèm sing adohé 150 kilomèter lan kudu munggah mudhun bukit. Perjalanané kuwi mesthi ora gampang terutama kanggo Maria. Isa waé meréka mikir, ’Iki aman apa ora ya kanggo Maria lan bayiné? Nèk ngerti-ngerti lairan pas lagi ing dalan piyé? Padahal bayi kuwi kan mengko bakalé dadi Mésias.’ Apa kuwi dadi alesan bèn Yusuf karo Maria ora perlu manut pamréntah?
12 Meskipun kuwatir, Yusuf karo Maria tetep manut pamréntah. Merga meréka manut, Yéhuwah mberkahi. Maria isa slamet tekan ing Bètlehèm lan nglairké bayi sing séhat. Ramalan ing Alkitab ya akhiré kelakon.—Mi. 5:2.
13. Nèk awaké dhéwé manut, apa manfaaté kanggo sedulur liyané?
13 Nèk manut pamréntah, sing éntuk manfaat kuwi ora mung awaké dhéwé tapi ya wong liya. Misalé, awaké dhéwé ora bakal kena hukuman. (Rm. 13:4) Terus, pamréntah ya isa ngerti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi warga negara sing apik. Contoné, pirang-pirang taun mbiyèn ing Nigeria, ana tentara sing nggrudug Balai Ibadah pas lagi ana acara pertemuan ibadah. Meréka nggolèki wong-wong sing mèlu démo merga ora gelem mbayar pajeg. Tapi bar ngerti nèk kuwi pertemuané Seksi Yéhuwah, komandané ngomong, ”Nèk Seksi Yéhuwah mesthi mbayar pajeg.” Dadi, dhèwèké ngongkon tentara-tentara kuwi lunga. Nèk njenengan manut karo pamréntah, réputasiné Seksi Yéhuwah sing dadi apik. Isa waé, mengko kuwi ana manfaaté kanggo sedulur-sedulur seiman.—Mat. 5:16.
14. Apa sing marakké Sedulur Joanna ”siap manut” karo pamréntah?
14 Mémang, kadhang kanggo manut pamréntah kuwi abot. Sedulur Joanna saka Amerika Serikat ngomong, ”Aku ngrasa manut karo pamréntah kuwi angèl, soalé keluargaku tau diperlakukan ora adil.” Tapi, Joanna berupaya bèn ora terus mikir sing èlèk soal pamréntah. Carané, sing pertama, dhèwèké ora maca-maca postingan ing média sosial sing ngèlèk-èlèk pamréntah. (WB. 20:3) Keloro, dhèwèké ndonga bèn luwih percaya karo Yéhuwah daripada berharap karo pamréntah. (Mzm. 9:9, 10) Ketelu, dhèwèké maca-maca artikel saka organisasi soal ora mihak. (Yoh. 17:16) Merga ngajèni lan manut pamréntah, Joanna saiki ngrasa ayem lan tentrem.
MANUT ARAHAN SAKA ORGANISASI
15. Ngapa kok manut arahan saka organisasi kuwi kadhang ora gampang?
15 Yéhuwah ngongkon, ”Kowé kudu manut . . . karo wong-wong sing mimpin” ing jemaat. (Ibr. 13:17) Mémang pemimpiné awaké dhéwé, Yésus, kuwi sampurna. Tapi, sedulur-sedulur sing dikèki Yésus wewenang ing jemaat kuwi ora sampurna. Manut karo meréka kuwi ora gampang, apa manèh nèk awaké dhéwé ora seneng karo préntahé. Kuwi tau dialami Rasul Pétrus. Wektu malaékat ngongkon Pétrus mangan kéwan-kéwan sing najis menurut Hukum Musa, Pétrus nolak nganti ping telu. (Kis. 10:9-16) Lha ngapa? Menurut Pétrus, préntah kuwi ora masuk akal. Dhèwèké ora tau mangan kéwan sing najis sakdurungé. Pétrus kangèlan manut padahal sing ngongkon kuwi malaékat sing sampurna. Nah, awaké dhéwé malah dikon manut karo wong-wong sing ora sampurna. Kuwi mesthi luwih angèl.
16. Meskipun nampa arahan sing ora masuk akal, Paulus piyé? (Kisah 21:23, 24, 26)
16 Rasul Paulus ya tau éntuk petunjuk sing menuruté ora masuk akal. Tapi, dhèwèké tetep ”siap manut”. Wektu kuwi, wong Kristen Yahudi krungu kabar nèk Paulus mulang wong-wong bèn ”ninggalké Hukum Musa” lan ngomong nèk Hukum kuwi wis ora perlu dituruti. (Kis. 21:21) Para pinituwa ing Yérusalèm ngongkon Paulus ngejak wong papat ing bait, terus nggawé upacara nyucèkké badan. Tujuané, kanggo mbuktèkké nèk Paulus isih manut karo Hukum Musa. Paulus sakjané ora salah. Terus, dhèwèké ya ngerti nèk wong Kristen sakjané ora perlu manut Hukum Musa. Tapi Paulus tetep manut. Sésuké, ”Paulus nggawa wong papat mau lan nindakké upacara nyucèkké badan bareng karo wong-wong kuwi.” (Wacanen Kisah 21:23, 24, 26.) Merga Paulus manut, jemaat tetep rukun.—Rm. 14:19, 21.
17. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Stephanie?
17 Sedulur sing jenengé Stephanie tau ngrasa angèl kanggo manut arahan saka organisasi. Stephanie karo bojoné nglayani ing kelompok basa asing. Tapi, kantor cabang mutuské nèk kelompok kuwi ditutup. Terus, Sedulur Stephanie karo bojoné ditugaské balik ing jemaat sing nganggo basa asliné. Stephanie ngomong, ”Aku sakjané emoh. Menurutku, jemaat iki ora butuh bantuan.” Tapi, dhèwèké tetep manut arahan kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Akhiré aku ngerti nèk arahané para pengawas kuwi apik. Ing jemaat iki, ana akèh sedulur sing anggota keluargané ora dadi Seksi Yéhuwah. Aku karo bojoku akhiré dadi kaya wong tuwané meréka. Saiki, aku ya mandhu sinau Alkitab sedulur sing wis suwé ora aktif. Terus, aku ya dadi nduwé akèh wektu kanggo pelajaran pribadi. Merga aku wis berupaya manut, hati nuraniku ya ngrasa pénak.”
18. Apa manfaaté nèk manut?
18 Awaké dhéwé kudu sinau bèn isa manut. Yésus ”sinau bèn manut” ora pas keadaané pénak, tapi ”wektu ngalami akèh kesusahan”. (Ibr. 5:8) Kaya Yésus, biasané awaké dhéwé ya sinau bèn manut wektu keadaané angèl. Misalé, pas awal pandemi COVID-19, organisasi ngongkon nèk ora ngibadah ing Balai lan ora nginjil ing omah-omah manèh. Apa wektu kuwi njenengan ngrasa angèl kanggo manut? Merga tetep manut, hasilé njenengan terlindungi, jemaat isa tetep bersatu, lan nggawé Yéhuwah seneng. Mengko selama sengsara gedhé bakal ana akèh arahan saka organisasi. Slamet apa ora kuwi tergantung karo awaké dhéwé manut apa ora. Makané, nèk saka saiki kulina manut, mengko ya bakal luwih siap kanggo manut.—Ayb. 36:11.
19. Awaké dhéwé manut kuwi kuduné merga apa?
19 Mau wis dibahas nèk manut kuwi ana akèh berkahé. Tapi, awaké dhéwé manut karo Yéhuwah kuwi terutama merga sayang lan péngin Dhèwèké seneng. (1 Yoh. 5:3) Mémang, awaké dhéwé ora isa mbales Yéhuwah sing wis ngekèki akèh berkah. (Mzm. 116:12) Tapi, awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng. Carané, kudu wicaksana. Nèk wicaksana, awaké dhéwé manut karo Yéhuwah lan manut karo wong-wong sing wis dikèki Yéhuwah wewenang.—WB. 27:11.
LAGU 89 Manut karo Yéhuwah
a Meskipun ngerti nèk kuduné manut, tapi merga ora sampurna, nèk dikon manut kuwi kadhang rasané abot. Ing artikel iki bakal dibahas manfaaté nèk manut karo wong tuwa, ”pamréntah”, lan sedulur-sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat.
b Piyé carané ngomong karo wong tuwa nèk kowé ngrasa aturané wong tuwa kuwi angèl dituruti? Deloken artikel ”Piyé Nèk Aku Ora Setuju karo Aturané Wong Tuwaku?” ing jw.org.
c GAMBAR: Yusuf karo Maria manut préntahé Kaisar sing ngongkon bèn sènsus ing Bètlehèm. Awaké dhéwé ya péngin manut rambu lalu lintas, aturan soal pajeg, lan protokol keséhatan saka ”pamréntah”.