-
Daud lan GoliatAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 40
Daud lan Goliat
Yéhuwah ngomong karo Samuèl, ’Lungaa ing omahé Isai. Salah siji anaké lanang bakal dadi raja Israèl sing anyar.’ Bar kuwi, Samuèl lunga ing omahé Isai. Pas ndelok anaké Isai sing pertama, Samuèl mikir, ’Mesthi iki sing dipilih Yéhuwah.’ Tapi, Yéhuwah ngandhani Samuèl nèk dudu kuwi sing dipilih. Yéhuwah ngomong, ’Aku ndelok atiné, ora mung penampilané.’
Isai nduduhké enem anaké sing liyané ing ngarepé Samuèl. Tapi, Samuèl ngomong, ’Dudu iki sing dipilih Yéhuwah. Apa isih ana sing liyané?’ Isai njawab, ’Isih ana siji manèh, sing terakhir. Jenengé Daud. Dhèwèké lagi njaga domba.’ Wektu Daud teka, Yéhuwah ngandhani Samuèl, ’Iki sing tak pilih!’ Samuèl ngesokké minyak ing sirahé Daud. Kuwi tandha nèk Daud dipilih dadi raja Israèl.
Bar kuwi, bangsa Israèl arep perang nglawan bangsa Filistin. Bangsa Filistin nduwé prajurit raksasa sing jenengé Goliat. Goliat terus-terusan ngécé bangsa Israèl. Dhèwèké mbengok, ’Pilihen wong siji kanggo nglawan aku. Nèk dhèwèké menang, aku lan pasukanku bakal dadi budhakmu. Tapi, nèk aku sing menang, kowé kabèh bakal dadi budhakku.’
Daud teka ing perkémahané pasukan Israèl. Dhèwèké nggawa panganan kanggo kakang-kakangé sing dadi prajurit. Merga krungu omongané Goliat, Daud ngomong, ’Kéné, tak lawané.’ Raja Saul ngomong, ’Kowé kan isih bocah.’ Daud njawab, ’Yéhuwah bakal mbantu aku.’
Saul mènèhi Daud perlengkapan perangé. Tapi, Daud ngomong, ’Aku ora biasa nganggo iki.’ Daud njupuk bandhil. Bandhil kuwi alat kanggo mbalangké watu. Terus, Daud lunga ing kali lan nggolèk limang watu sing alus. Watu-watu kuwi dilebokké ing kanthong. Bar kuwi, Daud marani Goliat. Goliat mbengok, ’Mrénéa, Cah. Kowé bakal tak dadèkké panganané manuk lan kéwan buas.’ Daud ora wedi. Daud ya mbengok, ’Kowé nglawan aku nganggo pedhang lan tombak. Tapi, aku nglawan kowé nganggo jenengé Yéhuwah. Sing mbok lawan kuwi dudu bangsa Israèl, tapi Yéhuwah. Kabèh wong ing kéné bakal ndelok nèk Yéhuwah luwih kuwat ketimbang pedhang lan tombak. Yéhuwah sing bakal ngalahké kowé kabèh.’
Daud masang watu ing bandhilé. Terus, bandhil kuwi diayunké sak banter-banteré. Merga Yéhuwah mbantu Daud, watu kuwi nancep ing bathuké Goliat. Goliat ambruk lan akhiré mati. Apa kowé percaya karo Yéhuwah kaya Daud?
”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, ning kanggoné Gusti Allah ora. Kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”—Markus 10:27
-
-
Daud lan SaulAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 41
Daud lan Saul
Sakwisé matèni Goliat, Daud didadèkké kepala pasukané Raja Saul. Daud kerep menang perang. Daud akhiré dadi terkenal. Saben mulih saka perang, Daud bakal disambut karo wong-wong wédok sing njogèd lan nyanyi. Wong-wong wédok kuwi ngomong, ’Saul matèni éwonan, tapi Daud matèni puluhan éwu.’ Saul dadi iri karo Daud lan péngin matèni dhèwèké.
Daud pinter main harpa. Wektu lagi mainké harpa kanggo Saul, Daud diuncali tombak karo Saul. Tapi, Daud langsung nyingkir, lan tombaké nancep ing témbok. Saul terus ngupaya matèni Daud. Daud akhiré lunga, terus ngumpet ing padhang gurun.
Saul lan 3.000 prajurité lunga nggolèki Daud. Wong-wong kuwi akhiré mlebu ing salah siji guwa. Padahal Daud lan pengikuté lagi ngumpet ing kono. Salah siji pengikuté Daud mbisiki Daud, ’Iki kesempatanmu matèni Saul.’ Daud alon-alon nyedhaki Saul, terus ngethok pucuk jubahé Saul. Tapi, Saul ora krasa. Bar kuwi, Daud rumangsa salah merga ora ngajèni raja sing dipilih Yéhuwah. Daud ora ngijinké para pengikuté matèni Saul. Pas Saul wis metu saka guwa, Daud mbengok ngundang Saul. Daud ngomong nèk sakjané dhèwèké mau isa matèni Saul. Apa kuwi nggawé Saul dadi apikan karo Daud?
Ora. Saul tetep péngin matèni Daud. Bar kuwi, Daud lan sepupuné sing jenengé Abisyai isa mlebu ing perkémahané Saul. Pas kuwi, pengawalé Saul sing jenengé Abnèr lagi turu. Abisyai ngomong, ’Iki kesempatané awaké dhéwé. Ijinké aku matèni Saul.’ Daud njawab, ’Yéhuwah sing bakal mbales Saul. Jupuk waé tombak lan wadhah ombéné, terus awaké dhéwé lunga.’
Daud munggah ing gunung sing ana ing cedhak kono. Ing kono, Daud isa ndelok perkémahané Saul. Daud mbengok, ’Abnèr, kowé kok ora nglindhungi rajamu? Endi tombak lan wadhah ombéné Saul?’ Saul ngerti nèk kuwi swarané Daud. Saul ngomong, ’Sakjané kowé isa matèni aku. Tapi, kuwi ora mbok tindakké. Aku ngerti nèk kowé bakal dadi raja Israèl sing anyar.’ Saul mulih ing istanané. Tapi, ana anggota keluargané Saul sing ora sengit karo Daud.
”Kowé kudu ngupaya sak isa-isané bèn rukun karo kabèh wong. Sedulur-sedulurku, aja balas dendam. Bèn waé Gusti Allah sing nduduhké nesuné.”—Roma 12:18, 19
-
-
Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan SetyaAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 42
Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan Setya
Yonatan kuwi anaké Raja Saul sing pertama. Yonatan kuwi pejuang sing kendel. Daud ngomong nèk Yonatan kuwi luwih cepet ketimbang elang lan luwih kuwat ketimbang singa. Wektu kuwi, Yonatan ndelok ana 20 prajurit Filistin ing bukit. Yonatan ngomong karo pembantu sing nggawa senjatané, ’Awaké dhéwé bakal nyerang wong Filistin nèk Yéhuwah mènèhi tandha. Nèk wong Filistin ngongkon awaké dhéwé munggah, kuwi berarti awaké dhéwé kudu nyerang.’ Bar kuwi, wong Filistin mbengok, ’Munggaha! Lawanen aku!’ Akhiré, wong loro kuwi munggah ing bukit lan ngalahké prajurit Filistin.
Merga dadi anak pertamané Saul, Yonatan sing kuduné dadi raja sakwisé Saul. Tapi, Yonatan ora iri wektu ngerti nèk Daud sing dipilih Yéhuwah dadi raja Israèl sing anyar. Yonatan lan Daud malah isa dadi sahabat. Yonatan janji nèk bakal nglindhungi Daud. Daud ya janji kaya ngono. Yonatan mènèhi Daud jubah, pedhang, busur panah, lan sabuké. Kuwi dadi tandha nèk Daud kuwi sahabaté.
Wektu Daud mlayu saka Saul, Yonatan nemoni Daud. Yonatan ngomong, ’Kowé kudu kuwat lan kendel. Yéhuwah wis milih kowé dadi raja. Bapakku ya ngerti soal kuwi.’ Apa kowé péngin nduwé sahabat kaya Yonatan?
Senajan bahaya, Yonatan terus mbantu Daud. Dhèwèké ngerti nèk Raja Saul péngin matèni Daud. Dadi, Yonatan ngomong karo Saul, ’Pak, Daud kuwi ora salah. Nèk Bapak matèni Daud, Bapak bakal dosa.’ Saul nesu banget karo Yonatan. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Saul lan Yonatan mati wektu perang.
Sakwisé Yonatan mati, Daud nggolèki anaké Yonatan sing jenengé Méfibosyèt. Wektu ketemu Méfibosyèt, Daud ngomong, ’Aku bakal terus ngopèni kowé merga Bapakmu kuwi sahabatku. Manggona ing istanaku. Kowé ya bakal mangan bareng aku.’ Daud ora lali karo Yonatan.
”Kowé padha-padha nresnani kaya aku wis nresnani kowé. Wong sing gelem ngorbanké uripé kanggo sahabat-sahabaté kuwi nduwé katresnan sing gedhé banget, lan ora ana sing isa ngungkuli katresnan sing kaya ngono kuwi.”—Yohanes 15:12, 13
-
-
Dosané Raja DaudAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 43
Dosané Raja Daud
Sakwisé Saul mati, Daud dadi raja. Wektu kuwi umuré Daud 30 taun. Sakwisé dadi raja pirang-pirang taun, Daud nggawé kesalahan sing gedhé. Pas mlaku-mlaku ing atap istanané, Daud ndelok wong wédok sing ayu. Wong wédok mau jenengé Bat-syéba. Bat-syéba kuwi bojoné prajurit sing jenengé Uria. Daud ngongkon Bat-syéba teka ing istana. Terus, wong loro kuwi nindakké hubungan sèks. Akhiré, Bat-syéba hamil. Daud berupaya nutup-nutupi dosané. Daud ngongkon kepala pasukané nugaské Uria ing barisan sing paling ngarep pas perang, terus ditinggal dhèwèkan. Sakwisé Uria mati, Daud nikah karo Bat-syéba.
Tapi, Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngongkon Nabi Natan nemoni Daud. Natan ngomong, ’Ana wong sugih sing nduwé akèh domba, lan ana wong miskin sing nduwé domba siji. Wong miskin kuwi sayang banget karo dombané. Tapi, dombané wong miskin kuwi dijupuk karo wong sugih mau.’ Daud nesu, terus ngomong, ’Wong sugih kuwi pantes mati!’ Terus, Natan ngomong, ’Ya njenengan kuwi wongé!’ Daud sedhih banget. Terus, dhèwèké ngakoni dosané. Daud ngomong, ’Aku wis dosa.’ Akibaté, Daud lan keluargané ngalami akèh kesusahan. Yéhuwah ngukum Daud. Tapi, Daud ora dipatèni merga wis jujur lan rendah hati.
Daud péngin mbangun bait kanggo Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah milih anaké Daud sing jenengé Salomo kanggo mbangun bait. Mula, Daud mulai nyiapké bahan-bahan sing dibutuhké Salomo. Daud ngomong, ’Baité Yéhuwah kudu megah. Tapi, Salomo isih enom. Mula, aku bakal mbantu dhèwèké nyiapké kabèh sing dibutuhké kanggo mbangun bait kuwi.’ Daud nyumbangké akèh dhuwit kanggo mbangun bait. Dhèwèké ya nggolèkké tukang sing trampil. Daud ngumpulké emas, pérak, lan kayu aras saka dhaérah Tirus lan Sidon. Sakdurungé mati, Daud mènèhi Salomo rancangan bait sing bakal dibangun. Daud ngomong, ’Yéhuwah ngongkon Bapak nggawé rancangan iki kanggo kowé. Yéhuwah bakal mbantu kowé. Aja wedi, ya. Kowé kudu kuwat. Bangunen bait iki.’
”Wong sing nutup-nutupi kesalahané ora bakal berhasil, ning wong sing ngakoni kesalahané lan ora nindakké kuwi manèh bakal dimesakké.”—Wulang Bebasan 28:13
-