PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Apa Éntuk Tumindak Apik Pas Dina Sabat?
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Yésus omongan karo wong lanang sing lara ing pinggir kolam Bètzata

      BAB 29

      Apa Éntuk Tumindak Apik Pas Dina Sabat?

      YOHANES 5:1-16

      • YÉSUS NGINJIL ING YUDÉA

      • YÉSUS MARÈKKÉ WONG LANANG LUMPUH ING KOLAM BÈTZATA

      Ana akèh sing wis ditindakké Yésus saksuwéné pelayanané ing Galiléa. Nanging, Yésus kandha, ”Aku uga kudu martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing kutha-kutha liya.” Sing dipikirké Yésus ora mung Galiléa. Mula, Yésus banjur ”martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé ing Yudéa”. (Lukas 4:43, 44) Saiki wektu sing pas, merga lagi musim semi lan bakal ana riyaya ing Yérusalèm.

      Kisah pelayanané Yésus ing Yudéa sing dicathet ing kitab-kitab Injil, ora pati akèh nèk dibandhingké karo kisah pelayanané ing Galiléa. Senajan wong-wong Yudéa akèh-akèhé ora nggatèkké wartané Yésus, nanging Yésus terus nginjil lan nindakké apa sing apik ing ngendi waé.

      Yésus banjur lunga menyang ibukotané Yudéa, yaiku Yérusalèm, kanggo ngrayakké Paskah taun 31 M. Ing dhaérah sing ramé cedhak Gerbang Wedhus Gèmbèl, ana kolam sing disebut Bètzata. Akèh wong sing lara, wuta, lan lumpuh mara ing kolam kuwi. Apa sebabé? Akèh wong percaya nèk wong lara sing nyemplung kolam kuwi wektu banyuné kocak, wong kuwi isa mari.

      Dina kuwi dina Sabat. Ing pinggir kolam kuwi, Yésus weruh wong lanang sing wis lara suwéné 38 taun. Yésus takon, ”Apa kowé péngin séhat?” Wong kuwi njawab, ”Pak, ora ana sing mbantu aku nyemplung menyang kolam kuwi wektu banyuné kocak. Saben aku arep mrono, wong liya wis ndhisiki aku.”​—Yohanes 5:6, 7.

      Wong lanang kuwi lan wong-wong ing kono kagèt wektu krungu Yésus kandha, ”Ngadega! Angkaten klasamu [paturonmu] lan mlakua.” (Yohanes 5:8) Ing wektu kuwi uga, wong sing lara mau mari, banjur ngangkat klasané lan mulai mlaku.

      Wong-wong Yahudi omongan karo wong lanang sing dimarèkké Yésus

      Sapérangan wong Yahudi sing ndelok bab sing nggumunké iki kuduné seneng, nanging malah kandha marang wong lanang mau, ”Saiki dina Sabat. Miturut hukum, kowé ora éntuk ngangkat klasamu.” Wong lanang mau njawab, ”Wong sing marèkké aku, ngongkon aku, ’Angkaten klasamu lan mlakua.’” (Yohanes 5:10, 11) Wong-wong Yahudi ora seneng merga ana sing marèkké wong pas dina Sabat.

      Wong-wong Yahudi takon, ”Sapa sing ngongkon kowé, ’Angkaten klasamu lan mlakua’?” Apa sebabé wong-wong Yahudi takon kaya ngono? Merga Yésus wis ”lunga saka kono lan mlebu ing antarané kumpulan wong akèh ing kono”. Lan wong lanang kuwi ya ora ngerti jenengé Yésus. (Yohanes 5:12, 13) Nanging, wong lanang kuwi ketemu manèh karo Yésus ing bait, lan dadi ngerti sapa sing wis marèkké dhèwèké.

      Wong lanang kuwi banjur ngandhani wong-wong Yahudi sing takon mau nèk sing marèkké dhèwèké kuwi Yésus. Bar krungu kuwi, wong-wong Yahudi mau langsung marani Yésus. Apa tujuané merga péngin ngerti piyé carané Yésus nindakké kuwi? Ora, nanging kanggo nggolèki kesalahané Yésus sing tumindak apik pas dina Sabat. Wong-wong Yahudi kuwi malah mulai nentang Yésus.

      • Apa sebabé Yésus lunga menyang Yudéa, lan apa sing bakal terus ditindakké ing kana?

      • Apa sebabé akèh wong lunga menyang kolam Bètzata?

      • Yésus nggawé mukjijat apa ing kolam Bètzata, lan piyé tanggepané sapérangan wong Yahudi?

  • Yésus Kuwi Putrané Gusti Allah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Wong-wong Yahudi nudhuh Yésus nglanggar dina Sabat

      BAB 30

      Yésus Kuwi Putrané Gusti Allah

      YOHANES 5:17-47

      • GUSTI ALLAH KUWI BAPAKÉ YÉSUS

      • JANJI NÈK WONG MATI BAKAL URIP MANÈH

      Sapérangan wong Yahudi nudhuh Yésus nglanggar aturan dina Sabat merga Yésus marèkké wong lara. Nanging Yésus njawab, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki, mula aku uga terus nyambut gawé.”​—Yohanes 5:17.

      Sing ditindakké Yésus kuwi ora nglanggar hukumé Gusti Allah bab dina Sabat. Yésus nginjil lan marèkké wong lara merga niru tumindak apiké Gusti Allah. Dadi, Yésus terus nindakké apa sing apik saben dina. Jawabané Yésus mau malah nggawé wong-wong saya nesu lan ngupaya matèni Yésus. Apa sebabé?

      Sakliyané nudhuh Yésus nglanggar aturan dina Sabat, wong-wong kuwi uga ora trima wektu Yésus kandha nèk dhèwèké Putrané Gusti Allah. Miturut wong-wong kuwi, Yésus madhakké dhèwèké dhéwé kaya Gusti Allah lan kuwi tegesé ngrèmèhké Gusti Allah. Nanging, Yésus ora wedi lan mènèhi jawaban sing luwih cetha bab hubungané sing istiméwa karo Gusti Allah, ”Bapak nresnani Putra lan nduduhké marang Putra kabèh perkara sing Panjenengané dhéwé tindakké.”​—Yohanes 5:20.

      Bapak kuwi Sing Maringi Urip, lan kuwi diduduhké nganggo cara maringi kuwasa marang sapérangan wong jaman mbiyèn kanggo nguripké wong mati. Yésus kandha, ”Padha kaya Bapak nangèkké wong mati lan nguripké manèh wong-wong kuwi, Putra uga bakal nguripké manèh sapa waé sing dikarepké.” (Yohanes 5:21) Iki mènèhi kita pengarep-arep kanggo sukmbèn. Sakjané, saiki waé Putra lagi nguripké manèh wong ing bab rohani. Mula, Yésus kandha, ”Sapa waé sing ngrungokké omonganku lan percaya marang Bapak sing ngutus aku bakal nampa urip saklawasé. Dhèwèké ora bakal diadili nanging dhèwèké wis luput saka pati lan nampa urip.”​—Yohanes 5:24.

      Nganti wektu kuwi, ora ana bukti sing nduduhké nèk Yésus wis tau nguripké wong mati. Nanging, Yésus ngandhani wong-wong sing nentang nèk Yésus bakal bener-bener nguripké wong mati. Yésus kandha, ”Bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan bakal ngrungokké swarané lan metu.”​—Yohanes 5:28, 29.

      Senajan nduwé tugas penting, Yésus nduduhké nèk kedudukané luwih rendhah ketimbang Gusti Allah. Yésus kandha, ”Aku ora isa nindakké apa-apa sakarepku dhéwé.  . . . Aku ora nuruti karepku dhéwé, nanging aku nindakké kersané Bapak sing ngutus aku.” (Yohanes 5:30) Iki sing sepisanan Yésus nerangké ing ngarepé wong akèh bab tugas pentingé. Nanging, wong-wong sing nentang Yésus sakjané wis ngerti. Yésus kandha, ”Kowé wis ngutus wong-wong marang Yohanes [Pembaptis], lan dhèwèké wis mènèhi kesaksian sing bener.”​—Yohanes 5:33.

      Kira-kira rong taun sakdurungé, Yohanes ngandhani para pemimpin agama Yahudi bab wong sing bakal teka sakwisé Yohanes, sing disebut ”Nabi” lan ”Kristus”. (Yohanes 1:20-25) Mula, Yésus ngélingké nèk mbiyèn wong-wong kuwi gelem ngrungokké Yohanes Pembaptis, sing saiki dipenjara, kanthi kandha, ”Mung kanggo sawetara mangsa, kowé kabèh péngin ngrasakké pepadhangé.” (Yohanes 5:35) Saiki, Yésus mènèhi kesaksian sing luwih penting ketimbang kesaksiané Yohanes Pembaptis.

      ’Gawéan sing lagi tak tindakké [klebu marèkké wong] mènèhi kesaksian nèk Bapak ngutus aku.’ Sakliyané kuwi, Yésus ya kandha, ”Bapak sing ngutus aku uga wis maringi kesaksian bab aku.” (Yohanes 5:36, 37) Contoné, Gusti Allah maringi kesaksian bab Yésus wektu Yésus dibaptis.​—Matius 3:17.

      Wong-wong sing nentang Yésus ora nduwé alesan kanggo nolak Yésus. Ayat-ayat sing digunakké wong-wong kuwi sakjané malah mènèhi kesaksian bab Yésus. Yésus nyimpulké, ”Nèk kowé percaya marang Musa, kowé uga bakal percaya marang aku, merga Musa nulis bab aku. Nanging nèk kowé ora percaya marang tulisané, apa mungkin kowé percaya marang omonganku?”​—Yohanes 5:46, 47.

      • Apa sebabé tumindak apiké Yésus pas dina Sabat ora nglanggar hukumé Gusti Allah?

      • Piyé Yésus nerangké bab tugas pentingé?

      • Apa waé sing mènèhi kesaksian nèk Yésus pancèn Putrané Gusti Allah?

  • Methik Wohé Gandum Pas Dina Sabat
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Murid-muridé Yésus methik lan mangan wohé gandum ing dina Sabat

      BAB 31

      Methik Wohé Gandum Pas Dina Sabat

      MATIUS 12:1-8 MARKUS 2:23-28 LUKAS 6:1-5

      • PARA MURID METHIK WOHÉ GANDUM PAS DINA SABAT

      • YÉSUS KUWI ”GUSTINÉ DINA SABAT”

      Yésus lan para muridé lagi perjalanan menyang arah lor ing Galiléa. Saiki musim semi, lan ladhang-ladhang kebak karo gandum. Merga luwé, para murid methik wohé gandum banjur dipangan. Nanging dina kuwi dina Sabat, lan wong Farisi weruh apa sing ditindakké para muridé Yésus.

      Ora suwé sakdurungé, wong Yahudi ing Yérusalèm arep matèni Yésus merga Yésus ditudhuh nglanggar dina Sabat. Saiki, wong Farisi nudhuh nganggo dhasar tumindaké murid-muridé Yésus, kandhané, ”Deloken kuwi, murid-muridmu nindakké apa sing miturut hukum ora éntuk ditindakké pas dina Sabat.”​—Matius 12:2.

      Miturut wong Farisi, methik lan nggosok-nggosokké woh gandum ing tangan kanggo dipangan kuwi padha kaya manèn lan napèni. (Pangentasan 34:21) Penafsirané wong Farisi sing kaku bab aturan Sabat kuwi nggawé dina Sabat dadi beban, padahal sakjané kuwi dina sing nyenengké lan isa nguwatké ing bab rohani. Kanggo ngorèksi pandhangan sing klèru kuwi, Yésus nggunakké conto sing nduduhké nèk Yéhuwah ora péngin hukumé bab dina Sabat malah dadi beban kanggo umaté.

      Conto sing kapisan yaiku bab Daud lan anak buahé. Wektu padha luwé, Daud lan anak buahé lunga menyang tabernakel lan mangan roti persembahan. Roti-roti kuwi bar dijupuk saka ngarsané Yéhuwah lan arep diganti karo sing anyar. Roti-roti kuwi sakjané mung éntuk dipangan para imam. Nanging merga kahanan, Daud lan anak buahé ora dihukum wektu mangan roti kuwi.​—Kaimaman 24:5-9; 1 Samuèl 21:1-6.

      Yésus mènèhi conto sing kapindho, ”Apa kowé durung tau maca ing Taurat nèk pas dina Sabat, para imam tetep kerja ing bait, nanging tetep dianggep ora salah?” Maksudé Yésus yaiku, senajan dina Sabat, para imam tetep mbelèh kéwan kanggo kurban lan nindakké gawéan liya ing bait. Yésus banjur kandha, ”Ing kéné ana wong sing luwih penting ketimbang bait.”​—Matius 12:5, 6; Wilangan 28:9.

      Yésus nyuplik manèh ayat-ayat ing Kitab Suci, ”Nèk kowé isa ngerti tegesé ukara iki, ’Aku seneng marang welas asih, dudu kurban,’ mesthiné kowé ora bakal nyalahké wong-wong sing ora salah.” Yésus nyimpulké, ”Merga Putrané manungsa kuwi Gustiné dina Sabat.” Yésus lagi ngomongké bab dhèwèké sing dadi Raja suwéné sèwu taun ing Kratoné Allah.​—Matius 12:7, 8; Hoséa 6:6.

      Wiwit mbiyèn, manungsa wis ngalami sengsara merga akèh kasusahan ing donya sing dikuwasani Sétan. Nanging wektu Sabat istiméwa, yaiku wektu Kristus mréntah, bumi bakal ayem tentrem, lan kita kabèh bakal ngaso saka kabèh kasusahan.

      • Wong Farisi nudhuh apa marang murid-muridé Yésus, lan apa sebabé?

      • Piyé carané Yésus ngorèksi pandhangané wong-wong Farisi?

      • Apa maksudé Yésus disebut ”Gustiné dina Sabat”?

  • Apa sing Éntuk Ditindakké ing Dina Sabat?
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    • Yésus arep marèkké wong lanang sing tangané lumpuh

      BAB 32

      Apa sing Éntuk Ditindakké ing Dina Sabat?

      MATIUS 12:9-14 MARKUS 3:1-6 LUKAS 6:6-11

      • MARÈKKÉ WONG LANANG SING TANGANÉ LUMPUH

      Ing dina Sabat liyané, Yésus mlebu ing sawijiné sinagogé, kayané ing Galiléa. Ing kana, Yésus ketemu karo wong lanang sing tangané tengen lumpuh. (Lukas 6:6) Ahli Taurat lan wong Farisi ngematké Yésus tenanan. Tujuané, kétok saka pitakonané wong-wong kuwi, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?”​—Matius 12:10.

      Para ahli Taurat lan wong Farisi takon kaya ngono ora merga prihatin karo wong lanang sing lagi sengsara kuwi. Nanging, wong-wong kuwi lagi nggolèk-nggolèk alesan kanggo nudhuh Yésus. Miturut para pemimpin agama Yahudi, marèkké wong ing dina Sabat kuwi éntuk ditindakké mung nèk nyawané wong kuwi ana ing bebaya. Contoné, pas dina Sabat wong ora éntuk marèkké wong sing patah tulang utawa keseléo, merga kuwi kahanan sing ora mbebayani nyawa.

      Nanging Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi wis nggawé dhéwé aturan sing kaku bab larangan kanggo nyambut gawé pas dina Sabat. Aturan kuwi ora miturut Kitab Suci. (Pangentasan 20:8-10) Yésus wis kerep dikritik merga tumindak apik pas dina Sabat. Saiki, Yésus mesthi bakal saya disengiti merga dhèwèké kandha marang wong lanang lumpuh kuwi, ”Tangia, ngadega ing tengah.”​—Markus 3:3.

      Yésus banjur kandha marang para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Nèk ing antaramu ana sing nduwé wedhus gèmbèl siji lan wedhus kuwi kecemplung kalèn pas dina Sabat, mesthiné bakal kok angkat metu saka kalèn kuwi, ta?” (Matius 12:11) Wedhus dianggep dadi bandha, mula nèk wedhus kuwi kecemplung kalèn, wong sing nduwé wedhus kuwi ora bakal ngejarké wedhusé nganti dina sakbanjuré, merga wedhusé isa mati lan sing nduwé dadi rugi. Apa manèh Kitab Suci kandha, ”Wong mursid [bener] ngopèni kéwané.”​—Wulang Bebasan 12:10, (BJP).

      Yésus banjur kandha, ”Manungsa kuwi luwih aji ketimbang wedhus gèmbèl. Dadi, miturut hukum ora apa-apa nindakké bab sing becik ing dina Sabat.” (Matius 12:12) Cetha, Yésus marèkké wong lara kuwi ora nglanggar Sabat. Para pemimpin agama kuwi ora isa mbantah katrangané Yésus sing masuk akal lan nduduhké sipat welas asih. Mula, wong-wong kuwi mung meneng waé.

      Yésus nyawang wong-wong kuwi karo nesu lan sedhih merga wong-wong kuwi nduwé pandhangan sing klèru. Yésus banjur kandha marang wong lumpuh mau, ”Ethungna tanganmu.” (Matius 12:13) Wektu ngethungké, tangané dadi mari, lan wong kuwi seneng banget. Nanging, piyé perasaané wong-wong sing arep njebak Yésus?

      Para pemimpin agama Yahudi rembugan kanggo matèni Yésus

      Wong Farisi kuduné seneng merga wong lanang kuwi mari, nanging wong-wong kuwi malah lunga lan langsung rembugan ”karo para pengikuté partai Hérodès kanggo matèni Yésus”. (Markus 3:6) Anggota partai politik iki klebu anggotané kelompok agama sing disebut wong Saduki. Biasané, wong Saduki lan Farisi mungsuhan, nanging saiki wong-wong kuwi dadi sepaham kanggo nglawan Yésus.

      • Piyé wiwitané kok nganti Yésus bebantahan karo para pemimpin agama Yahudi?

      • Para pemimpin agama Yahudi nduwé pandhangan sing klèru apa bab hukum Sabat?

      • Piyé Yésus kanthi wicaksana ngandhani kesalahané wong-wong kuwi bab Sabat?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim