-
Rong Umpama bab Kebon AnggurYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 106
Rong Umpama bab Kebon Anggur
MATIUS 21:28-46 MARKUS 12:1-12 LUKAS 20:9-19
UMPAMA BAB ANAK LANANG LORO
UMPAMA BAB PARA PETANI
Ing bait, para imam kepala lan para pemimpin lagi waé nantang wewenangé Yésus kanggo nindakké akèh perkara. Jawabané Yésus nggawé wong-wong kuwi padha meneng. Yésus saiki mènèhi umpama sing nduduhké kaya apa sejatiné wong-wong kuwi.
Yésus kandha, ”Ana wong lanang nduwé anak loro. Dhèwèké ngongkon anak sing nomer siji, ’Lé, dina iki kowé nyambut gawéa ing kebon anggur.’ Anaké kuwi njawab, ’Emoh, Pak,’ nanging bar kuwi dhèwèké gela, mula terus mangkat. Wektu ngongkon anaké sing nomer loro nindakké sing padha, anaké kuwi njawab, ’Ya, Pak,’ nanging ora mangkat. Anak sing endi sing manut karo bapaké?” (Matius 21:28-31) Jawabané jelas, anak sing nomer siji kuwi sing akiré nindakké karepé bapaké.
Yésus ngandhani para penentangé, ”Saktenané aku kandha marang kowé, para petugas pajeg lan pelacur bakal mlebu ing Kratoné Allah luwih dhisik ketimbang kowé.” Para petugas pajeg lan pelacur mauné ora ngabdi marang Gusti Allah. Nanging kaya anak sing nomer siji, wong-wong kuwi banjur mertobat lan saiki ngabdi marang Gusti Allah. Sewaliké, para pemimpin agama kaya anak sing nomer loro, sing ngakuné ngabdi marang Gusti Allah nanging ora nindakké kersané. Yésus kandha, ”Wektu Yohanes [Pembaptis] teka marang kowé kanggo mulangké sing bener, kowé ora percaya marang dhèwèké. Nanging petugas pajeg lan pelacur malah percaya marang dhèwèké. Lan kowé, senajan wis weruh iki, kowé tetep ora ngrasa gela lan ora percaya marang dhèwèké.”—Matius 21:31, 32.
Yésus banjur nyritakké umpama liyané. Yésus nduduhké nèk para pemimpin agama ora mung ora ngabdi marang Gusti Allah, nanging uga jahat banget. Yésus crita, ”Ana wong lanang sing nggawé kebon anggur lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké uga nggawé panggonan kanggo meres anggur lan ngedegké menara jaga. Banjur dhèwèké nyéwakké kebon angguré marang para petani, terus lunga menyang luar negri. Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus salah siji budhaké marang para petani kuwi kanggo njupuk sebagéan woh anggur saka kebon anggur kuwi. Nanging para petani mau nangkep budhak kuwi, nggebugi dhèwèké, lan budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. Banjur dhèwèké ngutus budhak liyané manèh, nanging para petani mau nggebugi sirahé lan tumindak sewenang-wenang marang budhak kuwi. Dhèwèké banjur ngutus budhak liyané, nanging para petani mau matèni budhak kuwi. Dhèwèké ngutus manèh akèh budhak liyané, nanging sebagéan budhak kuwi digebugi lan sebagéan dipatèni.”—Markus 12:1-5.
Wong-wong kuwi mungkin kèlingan karo omongané Yésaya: ”Pakebonané anggur Sang Yéhuwah Gustiné sarwa tumitah iku turuné Israèl, lan para wong Yéhuda iku tetanduran kang diremeni; kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran.” (Yésaya 5:7) Padha kaya kuwi, sing nduwé kebon anggur kuwi Yéhuwah, lan kebon anggur kuwi bangsa Israèl, sing dipageri lan dilindhungi nganggo Hukumé Gusti Allah. Yéhuwah ngutus nabi-nabi kanggo mulang lan mbantu umaté ngasilké woh sing apik.
Nanging, ”para petani” tumindak jahat lan matèni ”budhak” sing diutus mau. Yésus kandha, ”Saiki sing diduwèni mung kari wong siji, yaiku anaké lanang sing ditresnani. Akiré, dhèwèké ngutus anaké marang wong-wong kuwi, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ Nanging para petani kuwi kandha marang siji lan sijiné, ’Wong kuwi ahli warisé. Ayo dipatèni, lan warisané bakal dadi duwèké awaké dhéwé.’ Mula wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèd ahli waris kuwi menyang njabané kebon anggur.”—Markus 12:6-8.
Yésus banjur takon, ”Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi?” (Markus 12:9) Para pemimpin agama njawab, ”Merga para petani kuwi jahat, sing nduwé kebon anggur mesthi bakal matèni wong-wong kuwi lan bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya, sing bakal ngekèki woh wektu musim panèn anggur.”—Matius 21:41.
Tanpa sadhar para pemimpin agama kuwi lagi ngomongké bab hukuman sing bakal ditampa wong-wong kuwi dhéwé, merga sing dimaksud ”para petani” ya wong-wong kuwi dhéwé. Woh sing dikersakké Yéhuwah saka para petani kuwi klebu nduwé iman marang Putrané, yaiku Mèsias. Yésus banjur nyawang para pemimpin agama lan kandha, ”Apa kowé ora tau maca ayat iki ing Kitab Suci? ’Watu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utama. Kuwi asalé saka Yéhuwah lan nggumunké banget kanggo kita.’” (Markus 12:10, 11) Yésus nyimpulké, ”Kuwi sebabé aku kandha marang kowé, Kratoné Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang sawijiné bangsa sing nindakké kersané Gusti Allah.”—Matius 21:43.
Para ahli Taurat lan imam kepala ngerti ”nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus ing umpama mau”. (Lukas 20:19) Wong-wong kuwi saya péngin matèni Yésus, ”ahli waris” sing saktenané. Nanging Yésus ora dipatèni wektu kuwi merga wong-wong kuwi wedi karo wong akèh sing nganggep Yésus kuwi nabi.
-
-
Raja Ngundang Wong-Wong ing Pésta MantènanYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 107
Raja Ngundang Wong-wong ing Pésta Mantènan
UMPAMA BAB PÉSTA MANTÈNAN
Pelayanané Yésus ing bumi wis arep rampung, lan Yésus terus nggunakké akèh umpama kanggo nyingkapké sipat jahaté para ahli Taurat lan imam kepala. Mula, wong-wong kuwi péngin matèni Yésus. (Lukas 20:19) Saiki, Yésus mènèhi umpama liyané:
”Kraton swarga kuwi kaya raja sing nganakké pésta mantènan kanggo anaké lanang. Raja kuwi ngutus para budhaké kanggo nyeluk para undangan menyang pésta mantènan kuwi, nanging wong-wong mau ora gelem teka.” (Matius 22:2, 3) Yésus nyebutké bab ”Kraton swarga”, mula ”raja” kuwi mesthi maksudé Yéhuwah. ”Anaké lanang” raja kuwi maksudé Putrané Yéhuwah, yaiku Yésus sing lagi ngomongké umpama iki, lan para undangan kuwi maksudé wong-wong sing bakal mréntah bareng Putra mau ing Kraton swarga.
Sapa wong-wong sing sepisanan diundang? Wong-wong Yahudi, merga wong-wong kuwi sing wis krungu dhisik warta bab Kratoné Allah saka Yésus lan para rasulé. (Matius 10:6, 7; 15:24) Bangsa iki nampa perjanjian Hukum Musa ing taun 1513 SM, mula wong-wong kuwi sing sepisanan éntuk kesempatan dadi anggota ”karajan kaimaman”. (Pangentasan 19:5-8) Nanging, kapan wong-wong kuwi bener-bener diundang ing ”pésta mantènan”? Undangan kuwi diwènèhké ing taun 29 M, wektu Yésus mulai martakké bab Kraton swarga.
Piyé tanggepané akèh-akèhé wong Israèl? Kaya sing diomongké Yésus, ”wong-wong mau ora gelem teka”. Akèh-akèhé para pemimpin agama lan wong Israèl ora gelem nampa Yésus dadi Mèsias lan calon Raja sing dipilih Gusti Allah.
Nanging, Yésus nduduhké nèk wong Yahudi bakal éntuk kesempatan kapindho, ”Banjur raja mau ngutus budhak-budhak liyané, lan kandha, ’Omonga marang wong-wong sing wis diundang: ”Aku wis nyiapké akèh maeman. Sapi lan ternak pilihan wis tak belèh. Kabèh wis siap. Ayo padha teka ing pésta!”’ Nanging para undangan kuwi ora perduli, malah padha lunga. Ana sing menyang ladhang, ana sing ngurusi usahané, sing liyané malah nangkep para budhak mau, banjur para budhak kuwi dianiaya lan dipatèni.” (Matius 22:4-6) Iki kelakon wektu jemaat Kristen madeg. Ing wektu kuwi, wong Yahudi sakjané isih nduwé kesempatan kanggo mréntah ing Kraton swarga. Nanging akèh-akèhé nolak, malah nganiaya ’budhak-budhaké raja’.—Kisah 4:13-18; 7:54, 58.
Apa akibaté? Yésus kandha, ”Raja dadi nesu banget, banjur ngutus tentarané kanggo matèni kabèh sing wis matèni budhak-budhaké, lan mbakar kuthané wong-wong kuwi.” (Matius 22:7) Kuwi sing dialami wong Yahudi ing taun 70 M, wektu wong Romawi nyirnakké Yérusalèm.
Sakwisé wong-wong kuwi nolak undangané raja, apa ora ana manèh sing diundang? Ana. Yésus kandha, ”Raja ngomong marang para abdiné, ’Pésta mantènané wis siap, nanging para undangan kuwi ora pantes teka ing pésta iki. Mula, lungaa menyang dalan-dalan utama, lan undangen sapa waé sing kok temoni kanggo teka ing pésta mantènan iki.’ Para budhak mau banjur lunga lan nglumpukké sapa waé sing ditemoni ing dalan, klebu wong jahat lan apik. Panggonan kanggo pésta kuwi nganti kebak tamu.”—Matius 22:8-10.
Iki diwiwiti wektu rasul Pétrus mbantu wong-wong saka bangsa liya dadi wong Kristen. Ing taun 36 M, Kornélius, sawijiné perwira Romawi, lan keluargané nampa roh suci, banjur éntuk kesempatan kanggo mréntah bareng Yésus ing swarga.—Kisah 10:1, 34-48.
Yésus ngandhani nèk ora kabèh tamu bakal ditampa ”raja”. Yésus kandha, ”Wektu raja mlebu kanggo nemoni para tamu, dhèwèké ndelok ana wong lanang sing ora nganggo klambi pésta. Mula raja takon, ’Ngapa kowé teka mréné ora nganggo klambi pésta?’ Wong kuwi meneng waé. Raja banjur ngongkon para abdiné, ’Talènana tangané lan sikilé, terus uncalna ing njaba, ing pepeteng. Ing kono, dhèwèké bakal nangis lan gela banget.’ Akèh wong sing diundang, nanging sing dipilih mung sithik.”—Matius 22:11-14.
Para pemimpin agama sing krungu omongané Yésus mungkin ora paham tegesé umpama mau. Nanging, wong-wong kuwi ora seneng, malah tékadé saya gedhé kanggo matèni Yésus merga wis ngisin-isinké wong-wong kuwi.
-
-
Yésus Ora Isa DijebakYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 108
Yésus Ora Isa Dijebak
MATIUS 22:15-40 MARKUS 12:13-34 LUKAS 20:20-40
WÈNÈHNA MARANG KAISAR APA SING DADI DUWÈKÉ KAISAR
APA WONG BAKAL NIKAH SAKWISÉ DIURIPKÉ MANÈH?
RONG PRÉNTAH SING PALING PENTING
Para pemimpin agama padha nesu merga Yésus lagi waé mènèhi umpama sing nyingkapké sipat jahaté wong-wong kuwi. Mula, wong Farisi nggawé rencana bèn Yésus kejebak karo omongané dhéwé lan ditangkep pamréntah Romawi. Wong-wong kuwi mbayar sapérangan pengikuté kanggo njebak Yésus.—Lukas 6:7.
Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké lan wulangké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora mbédak-mbédakké wong, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora?” (Lukas 20:21, 22) Yésus ora kapusan wektu dialem kaya ngono. Yésus ngerti wong-wong kuwi munafik lan licik. Nèk njawab, ’Ora éntuk’, Yésus isa ditudhuh nyebabké pemberontakan marang pamréntah Romawi. Nanging nèk kandha, ’Éntuk’, wong-wong ing kono, sing ora pati seneng karo pamréntah Romawi, isa salah paham lan nyerang Yésus. Mula, apa jawabané Yésus?
Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kowé nguji aku? Duduhna dhuwit rècèh kanggo mbayar pajeg kuwi.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Banjur Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”—Matius 22:18-21.
Wong-wong kuwi nggumun karo jawabané Yésus, banjur lunga merga ora isa ngomong apa-apa manèh. Nanging, ana wong-wong liyané sing isih ngupaya njebak Yésus. Sakwisé wong Farisi gagal, wong Saduki banjur teka marani Yésus.
Wong Saduki, sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh, takon bab urip manèh lan perkawinan ipar: ”Guru, Musa kandha, ’Nèk wong lanang mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing mati mau, supaya wong sing mati mau nduwé keturunan.’ Ing kéné tau ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah banjur mati tanpa nduwé keturunan. Dadi, adhiné lanang terus nikah karo randha mau. Sing kapindho mau ya mati tanpa nduwé keturunan, sing katelu ya ngono. Kuwi kelakon terus nganti sing kapitu. Akiré wong wadon kuwi uga mati. Terus wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis tau dadi bojoné.”—Matius 22:24-28.
Yésus njawab nganggo tulisané Musa, sing dipercaya karo wong Saduki mau. Yésus kandha, ”Kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah, mulané kowé klèru. Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong lanang lan wong wadon ora bakal nikah utawa dinikahké, nanging bakal dadi kaya malaékat ing swarga. Nanging bab wong mati sing diuripké manèh, apa kowé ora tau maca ing kitab Musa bab suket eri sing murub? Wektu kuwi Gusti Allah ngendika marang Musa, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’ Panjenengané kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, nanging Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.” (Markus 12:24-27; Pangentasan 3:1-6) Akèh wong sing nggumun karo jawaban kuwi.
Wong Farisi lan Saduki ora isa mbantah omongané Yésus, mula saiki wong-wong kuwi sepakat kanggo nguji Yésus. Salah siji ahli Taurat takon marang Yésus, ”Guru, préntah endi sing paling penting ing hukum Taurat?”—Matius 22:36.
Yésus njawab, ”Iki sing paling penting: ’Israèl, rungokna! Yéhuwah kuwi Gusti Allah kita, Yéhuwah kuwi ésa, lan tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, sakwutuhé pikiranmu, lan sakwutuhé kekuwatanmu.’ Sing kapindho, ’Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.’ Ora ana préntah liya sing luwih penting ketimbang rong préntah kuwi.”—Markus 12:29-31.
Banjur ahli Taurat kuwi njawab, ”Guru, jawabané panjenengan apik banget lan cocog karo apa sing bener yaiku, ’Gusti Allah kuwi ésa, lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Panjenengané’. Lan, nresnani Panjenengané nganggo sakwutuhé ati, sakwutuhé pikiran, lan sakwutuhé kekuwatan, uga nresnani pepadha kaya nresnani awaké dhéwé kuwi luwih penting ketimbang mènèhké kurban bakaran lan kurban liyané.” Merga wong lanang kuwi njawab kanthi wicaksana, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Kowé ora adoh saka Kratoné Allah.”—Markus 12:32-34.
Yésus mulang ing bait telung dina suwéné (tanggal 9, 10, lan 11 Nisan). Ana wong-wong sing seneng ngrungokké Yésus klebu para ahli Taurat. Senajan ngono, para pemimpin agama kuwi ”ora wani takon manèh marang Yésus”.
-
-
Yésus Ngelokké Para Pemimpin AgamaYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 109
Yésus Ngelokké Para Pemimpin Agama
MATIUS 22:41–23:24 MARKUS 12:35-40 LUKAS 20:41-47
KRISTUS KUWI PUTRANÉ SAPA?
YÉSUS MBUKAK SIPAT MUNAFIKÉ PARA MUNGSUHÉ
Para pemimpin agama sing nentang Yésus gagal njebak Yésus lan ora isa nyerahké Yésus marang pamréntah Romawi. (Lukas 20:20) Saiki tanggal 11 Nisan lan Yésus isih ana ing bait. Yésus miwiti rembugan lan nduduhké sapa sejatiné dhèwèké kanthi takon, ”Apa pendapatmu bab Kristus? Dhèwèké kuwi putrané sapa?” (Matius 22:42) Wong Yahudi ngerti nèk Kristus utawa Mèsias kuwi keturunané Daud. Mula para pemimpin agama mènèhi jawaban kaya ngono.—Matius 9:27; 12:23; Yohanes 7:42.
Yésus takon manèh, ”Nèk ngono, ngapa Daud sing dituntun roh suci isa nyebut Kristus kuwi Gusti, wektu dhèwèké kandha, ’Yéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu”’? Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut putrané Daud?”—Matius 22:43-45.
Wong Farisi ora isa njawab, merga wong-wong kuwi ngarep-arep Mèsias asalé saka keturunané Daud lan bakal mbébaské saka penjajahan Romawi. Nanging, Yésus nyuplik omongané Daud sing dicathet ing Jabur 110:1, 2 kanggo nduduhké nèk Mèsias ora mung manungsa biasa sing dadi pemimpin. Dhèwèké kuwi Gustiné Daud, sing bakal mréntah sakwisé lungguh ing sisih tengené Gusti Allah. Jawabané Yésus iki nggawé para penentangé ora isa ngomong apa-apa.
Wong Farisi lan ahli Taurat ”nduwé wewenang sing padha karo Musa” kanggo mulang Hukumé Gusti Allah. Saiki, Yésus ngélikké para murid lan akèh wong liyané bab wong-wong kuwi. Yésus kandha, ”Tindakna kabèh sing wis diwulangké, nanging aja niru kelakuané, merga wong-wong kuwi mung ngomong nanging ora nglakoni.”—Matius 23:2, 3.
Yésus banjur mènèhi conto tumindaké para pemimpin agama sing munafik, ”Wong-wong kuwi nggawé luwih gedhé kothak-kothak sing isiné ayat, sing dienggo dadi jimat.” Sapérangan wong Yahudi nganggo kothak cilik isiné cuplikan ayat saka hukum Taurat ing bathuk utawa lengené. Nanging, wong Farisi nggawé luwih gedhé kothak kuwi kanggo nduduhké nèk manut banget karo hukum Taurat. Sakliyané kuwi, wong Israèl pancèn dipréntahké kanggo nggawé gombyok ing pucuk jubahé. Nanging, wong Farisi nggawé ’pucuk jubahé luwih dawa’. (Wilangan 15:38-40) Kuwi ditindakké ”mung supaya didelok wong”.—Matius 23:5.
Para muridé Yésus ya isa waé péngin dadi sing utama, mula Yésus mènèhi naséhat, ”Kowé aja disebut Rabi, merga Gurumu mung siji, lan kowé kabèh kuwi sedulur. Uga, aja nyebut sapa waé ing bumi bapak, merga Bapakmu mung siji yaiku sing ana ing swarga. Uga, kowé aja disebut pemimpin merga Pemimpinmu mung siji yaiku Kristus.” Banjur, para murid kudu piyé? Yésus kandha, ”Sapa sing paling utama ing antaramu kudu ngladèni liyané. Sapa waé sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.”—Matius 23:8-12.
Yésus banjur ngumumké cilaka kanggo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé nutup lawangé Kraton swarga ing ngarepé wong-wong. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé uga ngalang-alangi wong sing arep mlebu.”—Matius 23:13.
Yésus ngutuk wong Farisi merga ora ngajèni bab-bab sing dianggep Yéhuwah penting, lan kuwi kétok saka penalarané sing ora masuk akal. Contoné, wong-wong kuwi kandha, ”Nèk ana wong sumpah demi bait, sumpahé kuwi ora ana artiné. Nanging nèk wong sumpah demi emas sing ana ing bait, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.” Wong-wong kuwi luwih mentingké emas ing bait ketimbang fungsiné bait kanggo dadi panggonan ngibadah marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi ”nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting ing hukum Taurat, yaiku kaadilan, welas asih, lan kasetyan”.—Matius 23:16, 23; Lukas 11:42.
Yésus kandha marang wong Farisi, ”Penuntun-penuntun wuta! Nyamuk kok saring saka ombèn-ombènmu, nanging unta malah kok eleg.” (Matius 23:24) Wong-wong kuwi nyaring nyamuk saka ombèn-ombèné merga miturut Taurat nyamuk kuwi najis. Nanging, wong-wong kuwi nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting saka Taurat, kaya-kaya ngeleg unta, sing uga kéwan najis nanging luwih gedhé timbang nyamuk.—Kaimaman 11:4, 21-24.
-