SINAU SAKA ALKITAB | JABUR 119
Urip Nurut Hukumé Yéhuwah
Urip nurut hukumé Yéhuwah maksudé gelem manut tuntunané Yéhuwah. Ing Alkitab, ana akèh conto wong-wong sing ngendelké Yéhuwah lan manut tuntunané. Salah sijiné yaiku sing nulis jabur.
Nèk manut tuntunané Yéhuwah, urip isa ayem tentrem
Yosua nduduhké nèk dhèwèké percaya tenan karo tuntunané Yéhuwah. Dhèwèké ngerti nèk percaya Yéhuwah saka ati isa nggawé uripé ayem tentrem
Alkitab isa mbantu awaké dhéwé wani ngadhepi masalah
Yérémia wani lan ngendelké Yéhuwah wektu ngadhepi masalah. Dhèwèké urip sedherhana lan setya nindakké tugasé
Awaké dhéwé isa wani nginjil nèk nduwé pangertèn sing bener bab Alkitab
Paulus ora wedi nginjil marang sapa waé. Paulus percaya tenan nèk Yéhuwah mbantu dhèwèké wektu nginjil marang Gubernur Féliks
Ing endi lan marang sapa waé aku kudu luwih wani nginjil?
Sekolahan
Gawéan
Keluarga
Liyané