-
Kanggo Wong TuwaAku Sinau Alkitab
-
-
Kanggo Wong Tuwa
Hadiah sing paling aji apa sing isa panjenengan wènèhké kanggo bocah-bocah? Ana akèh banget sing dibutuhké bocah-bocah, kuwi klebu katresnan, tuntunan lan pangayoman. Pangertèn bab Yéhuwah, lan wulangan sing bener saka Alkitab kuwi hadiah sing paling aji. (Yokanan 17:3) Pangertèn kuwi isa nggawé bocah-bocah saya nresnani Yéhuwah lan ngabdi marang Yéhuwah saktulusé ati, senajan isih cilik.—Matéus 21:16.
Akèh wong tuwa ngerti nèk bocah-bocah luwih seneng wacan sing cendhak, lan ana bagéan sing isa ditindakké bebarengan. Pengurus Pusat seneng nyedhiakké buku Aku Sinau Alkitab. Saben wulangan dirembug nganggo cara sing gampang. Gambar lan tembung-tembung ing buku iki disiapké kanggo bocah-bocah sing umuré durung nganti telung taun. Ana uga bagéan sing isa ditindakké bebarengan karo bocah-bocah. Buku Aku Sinau Alkitab ora dinggo dolanan, ning iki digawé bèn isa diwaca bebarengan.
Buku iki bakal mbantu panjenengan mulang Alkitab kanggo bocah-bocah ”wiwit cilik”.—2 Timotéus 3:14, 15.
Sedulurmu,
Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah
-
-
Bagéan 1Aku Sinau Alkitab
-
-
Bagéan 1
Sapa sing nggawé langit sing apik?
Sapa sing nggawé iwak sing cilik?
Sapa sing nggawé kowé karo aku?
lan kucing sing lucu?
Allah Yéhuwah sing nggawé kuwi kabèh.
SINAU
Wacakna:
Kongkonen nduduhké gambaré:
Bintang Segara Srengéngé
Prau Iwak Omah
Manuk Kupu-kupu
Takonana:
Sapa jenengé Gusti Allah?
Gusti Allah manggon nèng endi?
Apa waé sing wis digawé Gusti Allah?
-
-
Bagéan 2Aku Sinau Alkitab
-
-
Bagéan 2
Deloken kéwan-kéwan iki metu saka bahtera Nuh.
Endi sing isa mabur, endi sing paling dhuwur?
Gajah, jerapah, manuk lan sapi Mlebu bahtera Nuh, lan ora mati.
SINAU
Wacakna:
Purwaning Dumadi 7:7-10; 8:15-17
Kongkonen nduduhké gambaré:
Beruang Kirik Gajah
Jerapah Singa Kethèk
Babi Wedhus
Zébra Pelangi
Kongkonen anakmu niru swarané:
Kirik Singa Sapi
Manuk Wedhus
-
-
Bagéan 3Aku Sinau Alkitab
-
-
Bagéan 3
Adit nélpon kancané sing lagi lara.
”Kowé lagi lara, ya?”
Adit nulis surat bèn kancané cepet séhat. Terus Adit niliki bèn kancané cepet mari.
Nèk kekancan kudu apikan, bèn isa dolan bebarengan.
SINAU
Wacakna:
Kongkonen nduduhké gambaré:
Omah Méja Adit
Srengéngé Manuk Wit
Takonana anakmu:
Apa kancamu ana sing lara?
Bèn dhèwèké seneng, kowé kudu apa?
-
-
Bagéan 4Aku Sinau Alkitab
-
-
Bagéan 4
Dinda ndelok udan saka jendhéla.
”Aku péngin dolanan nèng njaba.
Ning, ora isa.”
Ujug-ujug, ana srengéngé metu!
Udané mandheg.
Seneng atiku!
Dinda langsung mlayu metu, ndelok kembangé ora layu, lan ana kepik sing lucu.
Dinda kandha, ”Saiki aku ngerti, udan kuwi saka Gusti. Dadi, kembangku ora mati.”
SINAU
Wacakna:
Kongkonen nduduhké gambaré:
Jendhéla Manuk Dinda
Wit Kembang
Golèkana:
Kepik Montor mabur
Takonana:
Ngapa Yéhuwah nggawé udan?
-
-
Bagéan 5Aku Sinau Alkitab
-
-
Bagéan 5
Nèk kancamu mènèhi hadiah, utawa nulungi kowé, mèsema lan ngomong ”Matur nuwun”.
Nèng endi waé, lan kapan waé, Aja lali ngomong ”Matur nuwun”.
SINAU
Wacakna:
Kongkonen nduduhké gambaré:
Hadiah Buku
Lawang Topi
Golèkana:
Apel Télpon
Takonana anakmu:
Ngapa kowé kudu ngomong ”Matur nuwun”?
-
-
Bagéan 6Aku Sinau Alkitab
-
-
Bagéan 6
Deloken tanganmu, obah-obahna drijimu.
Demoken kupingmu, terus irungmu.
Sikilmu kuwat, isa dinggo mlumpat-mlumpat lan oyak-oyakan, karo kanca bebarengan.
Ayo ngaca! Deloken awakmu! Sing nggawé kowé sapa?
Yéhuwah Allahmu.
SINAU
Wacakna:
Anakmu kon ndemok:
Driji Sikil Irung
Kuping Mripat
Golèkana:
Yuyu Kucing
Takonana anakmu:
Sapa sing nggawé kowé karo aku?
-