PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb16 Maret hlm. 7
  • Wong Mati Diuripké Manèh—Kelakon Merga Tebusan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wong Mati Diuripké Manèh—Kelakon Merga Tebusan
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Wong Mati Isa Urip Manèh
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Tebusan—Hadiah ’kang Sampurna saka ing Rama’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • ”Kula Gadhah Pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Harapan sing Pasti kanggo Wong Mati
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
mwb16 Maret hlm. 7

URIPÉ WONG KRISTEN

Wong Mati Diuripké Manèh—Kelakon Merga Tebusan

Sakwisé keluarga lan kanca nangisi cah wédok sing mati, adhiné wédok ayem merga mbayangké wong mati sing diuripké manèh mbésuk

Nèk teka ing Pèngetan, awaké dhéwé isa mbayangké berkah sing ditampa sukmbèn, merga anané tebusan. Contoné, wong mati isa urip manèh. Kuwi bukti nèk Yéhuwah ora péngin manungsa mati. Ditinggal mati wong sing ditresnani kuwi, rasa sedhihé ora ana tandhingé. (1Kr 15:26) Yésus sedhih wektu ndelok para muridé nangisi Lazarus sing mati. (Yo 11:33-35) Merga sipaté Yésus persis kaya bapaké, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah sedhih banget wektu awaké dhéwé kélangan wong sing ditresnani. (Yo 14:7) Mula, Yéhuwah péngin banget nguripké manèh para abdiné sing wis mati. Semono uga, awaké dhéwé ya péngin ketemu wong-wong kuwi.​—Ay 14:14, 15.

Merga Yéhuwah Allah sing tertib, awaké dhéwé isa percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh manut urutané. (1Kr 14:33, 40) Sukmbèn ora bakal ana layatan, malah bakal ketemu karo sing diuripké manèh. Wektu ditinggal mati, apa panjenengan mbayangké nèk wong mati bakal diuripké manèh? (2Kr 4:17, 18) Apa panjenengan maturnuwun karo Yéhuwah merga wis ngekèki tebusan, lan nyritakké ing Alkitab bab wong mati sing bakal diuripké manèh?​—Kl 3:15.

  • Sapa kanca lan sedulur sing mbésuk péngin banget panjenengan temoni?

  • Sapa abdiné Yéhuwah ing Alkitab sing mbésuk péngin banget panjenengan temoni lan dijak omong?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim