-
Apa Langit karo Bumi Diciptakké?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
1. Sapa sing nyiptakké langit karo bumi?
Menurut Alkitab, ”Awalé, Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.” (Purwaning Dumadi 1:1) Akèh ahli ilmu pengetahuan ya percaya nèk langit karo bumi ana sing nyiptakké. Gusti Allah nggunakké ”kekuwatané”, yaiku roh suciné, kanggo nyiptakké langit karo bumi, termasuk galaksi, bintang, lan planèt.—Purwaning Dumadi 1:2.
-
-
Apa Langit karo Bumi Diciptakké?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Keterangan ing Alkitab soal penciptaan kuwi bener
Ing Purwaning Dumadi 1 ana keterangan soal asal mulané bumi sak isiné. Apa kuwi mémang bener? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Menurut Alkitab, apa bumi sak isiné diciptakké 6 dina?
Menurut njenengan, apa keterangan ing Alkitab soal penciptaan kuwi bener? Ngapa njenengan njawab ngono?
Wacanen Purwaning Dumadi 1:1, terus rembugen pertanyaan iki:
Para ahli ilmu pengetahuan ngomong nèk langit karo bumi diciptakké. Apa buktiné nèk kuwi cocog karo keterangan ing Alkitab?
Ana sing nganggep nèk Gusti Allah nyiptakké makhluk hidup siji bèn dadi makhluk hidup liyané. Wacanen Purwaning Dumadi 1:21, 25, 27, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Menurut Alkitab, apa Gusti Allah nyiptakké makhluk hidup siji bèn dadi manungsa lan kéwan, utawa kèt awal Gusti Allah nyiptakké menurut jenisé dhéwé-dhéwé?
-