-
”Inggih, Kula Purun”Warta Penting (Umum)—2016 | No. 3
-
-
Soré kuwi, sakwisé ngisi genthong ciliké, ana bapak tuwa nemoni Ribkah. Bapak kuwi kandha, ”Aku wènèhana ngombé banyu ing junmu [genthong cilikmu] iku sathithik baé!” Jalukané sepélé lan carané sopan. Ribkah mikir nèk wong kuwi mesthi saka panggonan sing adoh. Mula, dhèwèké cepet-cepet ngedhunké genthong cilik mau saka pundhaké bèn wong mau isa ngombé akèh, ora mung sak sruputan waé. Ribkah ndelok untané wong kuwi sing cacahé sepuluh ndhéprok ing kono, lan bak kanggo ngombé isih kosong. Ribkah ngerti nèk digatèkké bapak kuwi, mula péngin isa mbantu. Ribkah kandha, ”Unta panjenengan inggih badhé kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombé ngantos tuwuk.”—Purwaning Dumadi 24:17-19.
Ribkah ora mung nawani banyu kanggo unta sepuluh mau, ning arep ngombèni nganti tutug. Nèk ngelak, unta siji isa ngombé 95 liter. Nèk unta sepuluh ngelak kabèh, mesthiné Ribkah kudu nimba nganti pirang-pirang jam. Ning, kayané unta-unta kuwi ora ngelak banget.a Apa Ribkah ngerti bab kuwi wektu dhèwèké nawani bantuan? Ora. Dhèwèké lila, malah péngin banget mbantu, bèn isa nduduhké sipat seneng nampa tamu karo bapak kuwi. Bapak kuwi gelem nampa bantuané. Dhèwèké banjur nggatèkké Ribkah sing bola-bali ngisi genthong ciliké, banjur banyuné disokké ing bak kanggo ngombé.—Purwaning Dumadi 24:20, 21.
Ribkah sregep lan seneng nampa tamu
-
-
”Inggih, Kula Purun”Warta Penting (Umum)—2016 | No. 3
-
-
a Dina kuwi wis soré. Ora ana katrangan nèk Ribkah ing sumur kuwi nganti pirang-pirang jam. Uga, ora ana katrangan nèk keluargané wis turu wektu dhèwèké mulih omah, utawa ana sing nggolèki Ribkah merga ora mulih-mulih.
-