-
”Inggih, Kula Purun”Warta Penting (Umum)—2016 | No. 3
-
-
Ribkah ora mung nawani banyu kanggo unta sepuluh mau, ning arep ngombèni nganti tutug. Nèk ngelak, unta siji isa ngombé 95 liter. Nèk unta sepuluh ngelak kabèh, mesthiné Ribkah kudu nimba nganti pirang-pirang jam. Ning, kayané unta-unta kuwi ora ngelak banget.a Apa Ribkah ngerti bab kuwi wektu dhèwèké nawani bantuan? Ora. Dhèwèké lila, malah péngin banget mbantu, bèn isa nduduhké sipat seneng nampa tamu karo bapak kuwi. Bapak kuwi gelem nampa bantuané. Dhèwèké banjur nggatèkké Ribkah sing bola-bali ngisi genthong ciliké, banjur banyuné disokké ing bak kanggo ngombé.—Purwaning Dumadi 24:20, 21.
Ribkah sregep lan seneng nampa tamu
-
-
”Inggih, Kula Purun”Warta Penting (Umum)—2016 | No. 3
-
-
Mesthiné Ribkah ngerti nèk digatèkké bapak tuwa mau. Bapak kuwi kétok gumun lan seneng wektu nyawang Ribkah. Wektu Ribkah wis rampung, bapak kuwi ngekèki hadiah perhiasan. Banjur bapak kuwi kandha, ”Kowé iku anaké sapa, enggèr? . . . Apa ing omahé bapakmu ana panginepané kanggo aku sakanca?” Wektu Ribkah crita bab keluargané, bapak kuwi saya seneng. Mbokmenawa karo semangat, Ribkah kandha, ”Ing griya kula kathah dami saha tetedhan kéwan lan ugi wonten papan pasipengan.” Ribkah nawani ngono merga bapak mau nggawa rombongan. Ribkah banjur mulih omah nemoni ibuné, lan nyritakké kedadéan sing dialami mau.—Purwaning Dumadi 24:22-28, 32.
-