-
”Ndadèkaké Keparenging Allah”Warta Penting (Umum)—2017 | No. 1
-
-
”HENOKH KAPULUNG, SUPAYA ORA NGALAMI MATI”
Piyé akir critané Hénokh? Katrangan ing Alkitab bab matiné Hénokh luwih sithik timbang crita bab uripé. Buku Purwaning Dumadi kandha, ”Hénokh lakuné tinunggil déning Gusti Allah, banjur ora ana, amarga wus kapulung [dijupuk] déning Gusti Allah.” (Purwaning Dumadi 5:24) Piyé carané Gusti Allah njupuk Hénokh? Rasul Paulus kandha, ”Marga saka pracaya Hénokh kapulung, supaya ora ngalami mati, sarta ora ketemu, jalaran wus kapulung déning Gusti Allah. Awit sadurungé kapulung, wus kaseksènan manawa ndadèkaké keparenging Allah.” (Ibrani 11:5) Apa maksudé Paulus wektu kandha ”kapulung supaya ora ngalami mati”? Ana terjemahan Alkitab sing kandha nèk Gusti Allah nggawa Hénokh menyang swarga. Ning, kuwi ora bener, merga Alkitab kandha nèk Yésus Kristus kuwi wong sing sepisanan munggah swarga.—Yokanan 3:13.
Apa maksudé Hénokh ”kapulung supaya ora ngalami mati”? Kétoké Yéhuwah nggawé Hénokh ora urip manèh, ngilangké uripé bèn ora mati ngenes merga dipatèni mungsuhé sing kejem ing jamané. Ning sakdurungé kuwi, Hénokh ”wus kaseksènan manawa ndadèkaké keparenging Allah”. Piyé critané? Sakdurungé mati, Hénokh kétoké éntuk wahyu saka Gusti Allah lan isa ndelok bumi sing didadèkké pirdus. Kuwi bukti nèk Yéhuwah tresna lan seneng karo imané Hénokh. Rasul Paulus nyritakké imané Hénokh lan para abdiné Gusti Allah liyané wektu kandha, ”Iku mau kabèh sédané sajroning pracaya.” (Ibrani 11:13) Bar kuwi, isa waé para mungsuhé nggolèki mayaté Hénokh, ning ”ora ketemu”. Kétoké Yéhuwah ngilangké mayaté Hénokh, bèn ora digunakké kanggo ibadah palsu.b
Karo nggatèkké ayat-ayat kuwi mau, coba bayangna pungkasané uripé Hénokh. Mbokmenawa, iki sing dialami Hénokh. Bayangna Hénokh lagi mlayu-mlayu, wis kekeselen, dioyak-oyak karo para mungsuhé sing nesu banget merga krungu kabar paukuman sing diwartakké Hénokh. Hénokh nemokké panggonan kanggo ndhelik lan lèrèn. Ning, Hénokh ngerti nèk suwé-suwé dhèwèké bakal kecekel lan dipatèni karo mungsuhé. Karo lèrèn Hénokh ndonga marang Gusti Allah lan dadi ayem. Banjur, Hénokh éntuk wahyu saka Gusti Allah lan isa ndelok bumi sing wis dadi pirdus kétok nyata tenan, kaya-kayané dhèwèké wis ana ing kono.
Hénokh kayané ngadhepi aniaya wektu Yéhuwah njupuk dhèwèké
Bayangna wektu kuwi Hénokh ndelok donya sing kahanané béda banget karo kahanan ing jaman kuwi. Mbokmenawa Hénokh ngira nèk kuwi taman Éden, ning ing kono ora ana malaékat kerub sing njaga. Wong-wong ing bumi pirdus sing didelok Hénokh kuwi padha séhat lan prakosa kaya wong enom. Ing kono kahanané ayem tentrem. Ora ana wong sing jahat, ibadahé palsu, lan seneng nganiaya. Hénokh rumangsa yakin nèk dhèwèké bakal isa urip ing kono. Hénokh dhéwé ngrasakké nèk Yéhuwah nggatèkké, nresnani, lan ngayem-ayem atiné. Rumangsa ayem, suwé-suwé Hénokh merem lan bablas turu nganti mati.
Senajan wis mati, Hénokh tetep diéling-éling karo Yéhuwah. Kaya janjiné Yésus, sukmbèn wong-wong sing diéling-éling Yéhuwah bakal krungu swarané Yésus lan isa urip manèh, sarta isa urip ing donya anyar sing éndah lan ayem tentrem.—Yokanan 5:28, 29.
-
-
”Ndadèkaké Keparenging Allah”Warta Penting (Umum)—2017 | No. 1
-
-
b Gusti Allah uga nggawé mayaté Musa lan Yésus ilang, bèn ora digunakké kanggo bab sing ora bener.—Pangandharing Torèt 34:5, 6; Lukas 24:3-6; Yudas 9.
-