-
Dhèwèké Disebut ”Ibuké Para Raja”Warta Penting (Umum)—2017 | No. 5
-
-
Sepuluh taun kepungkur, Abraham lan rombongan keluargané nyebrang ngliwati Kali Éfrat lan tekan ing Kanaan. Wektu kuwi, Sara gelem ndhukung bojoné kanggo mlaku adoh menyang dhaérah sing ora dikenal. Sara ngerti nèk Abraham nduwé tugas penting kanggo ngasilké keturunan lan bangsa sing bakal dadi pilihané Yéhuwah. Lha terus apa bagéané Sara? Umuré Sara wis 75 taun. Mbokmenawa Sara ya kuwatir, utawa malah penasaran lan mikir, ’Piyé carané janjiné Gusti Allah marang bojoku isa kelakon, padhahal aku mandhul?’
-
-
Dhèwèké Disebut ”Ibuké Para Raja”Warta Penting (Umum)—2017 | No. 5
-
-
Sara ora kangen karo kabèh sing wis ditinggalké. Sara terus ndhukung lan ngéwangi bojoné wektu kudu pindhah-pindhah panggonan karo kabèh ternaké, sarta masang lan ngringkesi kémahé. Sara tetep setya senajan ngadhepi akèh tantangan lan owah-owahan. Banjur, Yéhuwah maringi katrangan anyar bab janjiné marang Abraham, ning isih durung nyebutké bab Sara.—Purwaning Dumadi 13:14-17; 15:5-7.
Akiré, Sara mutuské kanggo ngomong marang Abraham bab rencana sing wis suwé dipikirké. Bayangna piyé perasaané Sara wektu kandha, ”Lah ta, kula dipun ganjar gabug [mandhul] déning Sang Yéhuwah, temah boten gadhah anak.” Banjur, Sara mènèhi saran marang Abraham supaya nduwé anak liwat baturé Sara sing jenengé Hagar. Apa panjenengan isa mbayangké perasaané Sara wektu mènèhi saran kuwi? Mbokmenawa saran kaya ngono kuwi ora lumrah ing jaman saiki. Ning, ing jaman kuwi, wis lumrah nèk ana wong lanang sing nduwé selir bèn nduwé keturunan.b Apa mungkin Sara mikir nèk kuwi isa dadi cara kanggo ngasilké bangsa saka keturunané Abraham kaya kersané Gusti Allah? Senajan ngono, Sara lila nggawé pangurbanan. Piyé tanggepané Abraham? Alkitab kandha nèk dhèwèké ngrungokké sarané Sara.—Purwaning Dumadi 16:1-3.
Apa kuwi tegesé sarané Sara mau asalé saka Yéhuwah? Ora ngono. Sarané Sara kuwi nduduhké pandhangané manungsa sing lumrah. Sara mikir nèk Gusti Allah sing kudu tanggung jawab marang masalahé, lan Sara ora nduwé pilihan liya. Padhahal saran kuwi bakal nggawé Sara dadi susah lan sedhih. Senajan ngono, kuwi malah dadi bukti nèk Sara ora mikirké kepentingané dhéwé. Kuwi nggumunké banget merga saiki akèh-akèhé wong biasané luwih mikirké kepentingané dhéwé. Dadi, nèk kita gelem ngutamakké kersané Gusti Allah timbang kepentingané dhéwé, kuwi tegesé niru imané Sara.
-