-
”Ingsun kang Bakal Ngerèh Ilatira”Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020 | Juni
-
-
”Ingsun kang Bakal Ngerèh Ilatira”
Merga dibantu Yéhuwah, Musa isa dadi kendel. Saka omongané Yéhuwah karo Musa, awaké dhéwé isa sinau apa?
Aja terus-terusan mikirké kekurangané awaké dhéwé
Yakina nèk Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé nindakké tugas
Percayaa karo Yéhuwah bèn ora wedi karo manungsa
-
-
Njenengan Isa Nginjil lan MulangJadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020 | Juni
-
-
Njenengan Isa Nginjil lan Mulang
Wektu dikèki tugas karo Yéhuwah, awalé Musa mikir nèk ora sanggup nindakké kuwi. (Pa 4:10, 13) Apa njenengan ya tau ngrasa ngono? Apa njenengan lagi sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah? Mungkin njenengan mikir apa njenengan isa nginjil ing omah-omah. Utawa mungkin njenengan kuwi cah enom sing ragu-ragu kanggo mènèhi kesaksian ing sekolah. Utawa njenengan wedi mèlu kesaksian ing panggonan umum utawa mènèhi kesaksian liwat télépon. Njenengan isa ndonga njaluk kekuwatan lan roh suci saka Yéhuwah. (1Ptr 4:11) Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan nindakké tugas apa waé.—Pa 4:11, 12.
-