PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Nganggep Urip Kuwi Berharga
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 5. Menghargai uripé bayi ing njero kandungan

      Ibu hamil ngelus-elus wetengé.

      Daud crita nèk Yéhuwah seneng banget nggatèkké perkembangané bayi, malah kèt bayi kuwi ana ing kandungan. Wacanen Mazmur 139:​13-​17, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Menurut Yéhuwah, manungsa urip kuwi kèt dhèwèké mulai lair utawa malah kèt isih ing njero kandungan?

      Yéhuwah mènèhi hukum kanggo bangsa Israèl mbiyèn bèn wong wédok sing lagi meteng lan bayi ing kandungané ora cilaka. Wacanen Pangentasan 21:​22, 23, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing ora sengaja nyebabké keguguran?

      • Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing sengaja nggugurké kandungan?b

      • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah nganggep uripé bayi ing kandungan kuwi berharga?

      Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Niru Yéhuwah sing Ngajèni Urip (5:​00)

      Meskipun ngerti nèk urip kuwi berharga, tapi ana sing ngrasa nèk kudu nggugurké kandungan merga mikir kuwi sing paling apik. Wacanen Yésaya 41:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Nèk ana wong wédok sing dipeksa nggugurké kandungané, dhèwèké kuduné njaluk tulung karo sapa? Lha ngapa?

  • Nganggep Urip Kuwi Berharga
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • b Wong sing tau nggugurké kandungan ora perlu terlalu ngrasa bersalah merga Yéhuwah isa ngampuni dhèwèké. Ing Bahan Tambahan pelajaran iki, sing judhulé ”Apa Awaké Dhéwé Éntuk Nggugurké Kandungan?” ana keterangan luwih akèh soal iki.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim