-
Malaékat Kuwi Sapa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Ora nggunakké ilmu gaib
Sétan lan hantu-hantuné mungsuhi Yéhuwah lan mungsuhi awaké dhéwé. Wacanen Lukas 9:38-42, terus rembugen pertanyaan iki:
Piyé hantu-hantu nyiksa wong?
Aja nganti awaké dhéwé nduwé hubungan karo hantu-hantu. Wacanen Pangandharing Torèt 18:10-12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa waé carané hantu-hantu mengaruhi awaké dhéwé? Sing endi sing biasa dipraktèkké wong-wong ing dhaérahé njenengan?
Yéhuwah ngomong nèk awaké dhéwé ora olèh nganggo ilmu gaib. Apa njenengan setuju karo préntahé Yéhuwah kuwi? Lha ngapa?
Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Gelang jimat sing dienggo anaké Palesa kuwi bahaya apa ora? Lha ngapa kok bahaya?
Bèn ora diganggu hantu-hantu akhiré Palesa piyé?
Kèt mbiyèn nganti saiki, umaté Yéhuwah ora gelem nduwé hubungan karo hantu-hantu. Wacanen Kisah 19:19 lan 1 Korintus 10:21, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok barang-barang sing ana hubungané karo ilmu gaib kudu dihancurké?
-
-
Nèk Mati Kuwi Piyé?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
2. Apa waé manfaaté nèk ngerti ajaran sing bener soal wong mati?
Akèh wong wedi mati lan wedi karo wong mati. Tapi nèk wis ngerti ajaran sing bener saka Alkitab, isa ora wedi manèh. Yésus ngomong, ”Apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” (Yohanes 8:32) Ing Alkitab ora ana keterangan nèk arwahé wong mati isih gentayangan, nèk wong mati kuwi disiksa, utawa isa nyilakani awaké dhéwé, meskipun kuwi sing diajarké para pemimpin agama. Merga wong mati ora ngerti apa-apa, dadi ora perlu disajèni utawa didongakké.
Awaké dhéwé ora isa omong-omongan karo wong mati soalé ”wong mati ora ngerti apa-apa”. Hantu-hantu isa éthok-éthok dadi wong sing wis mati. Dadi nèk ana sing ngira isa omong-omongan karo wong mati, kuwi isa waé sakjané lagi omong-omongan karo hantu-hantu. Yéhuwah péngin nglindhungi awaké dhéwé bèn ora dicilakani hantu-hantu. Makané Yéhuwah nglarang awaké dhéwé omong-omongan karo wong mati.—Wacanen Pangandharing Torèt 18:10-12.
-