-
’Dhateng Pundi Kémawon Kula Badhé Ndhèrèk’Tirunen Imané
-
-
16-18. (a) Piyé Rut nduduhké katresnan sing langgeng? (b) Bab katresnan sing langgeng, apa sing isa disinaoni saka Rut? (Deloken uga gambar wong wadon loro iki.)
16 Wektu nyawang Naomi ing dalan sing sepi kuwi, Rut yakin tenan karo keputusané. Dhèwèké tresna banget karo Naomi lan Gusti Allah sing disembah Naomi. Mula, Rut kandha, ”Kula sampun [utawa, aja] panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndhèrèk panjenengan, awit dhatenga pundi kémawon purug panjenengan, kula inggih badhé ndhèrèkaken, sarta wontena ing pundi kémawon anggèn panjenengan nyaré, kula inggih badhé ndhèrèk sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula; wontena pundi kémawon anggèn panjenengan séda, kula inggih badhé ndhèrèk pejah wonten ing ngriku, sarta wonten ing ngriku anggèn kula kakubur. Pangéran Yéhuwah mugi maringana paukuman dhateng kula, malah langkung saking punika, saupami kula ngantosa pisah kaliyan panjenengan, kejawi manawi pejah.”—Rt. 1:16, 17.
”Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula”
17 Omongané Rut kuwi apik banget, lan nganti saiki, yaiku 3000 taun sakwisé Rut mati, omongan kuwi isih dikenal. Omongané Rut nduduhké sipaté sing aji, yaiku katresnan sing langgeng. Katresnan sing dirasakké Rut kuwi kuwat banget. Lan merga setya, Rut gelem mèlu Naomi lunga menyang ngendi waé. Mung pati sing isa medhot Rut karo Naomi. Bangsané Naomi bakal dadi bangsané Rut, merga Rut siyap ninggalké kabèh sing dikenal ing Moab, klebu allah-allahé. Ora kaya Orpa, Rut isa saktulusé ati kandha nèk péngin ndadèkké Yéhuwah, Allahé Naomi, dadi Allahé Rut.a
-
-
’Dhateng Pundi Kémawon Kula Badhé Ndhèrèk’Tirunen Imané
-
-
a Gatèkna, Rut ora mung nggunakké sebutan ”Allah” kaya pendhudhuk asing umumé. Nanging, Rut nggunakké asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. The Interpreter’s Bible kandha, ”Nganggo cara kuwi, sing nulis buku Rut cetha nerangké nèk pendhudhuk asing iki abdiné Allah sing bener.”
-