-
’Dhateng Pundi Kémawon Kula Badhé Ndhèrèk’Tirunen Imané
-
-
23. Apa sing mulai dipikirké Rut, lan ing Hukum Musa ana cara apik apa kanggo nggatèkké wong mlarat? (Deloken cathetan ing ngisor.)
23 Wong wadon loro iki kudu nggolèk cara bèn isa urip ing Bètléhèm. Rut mulai mikirké carané isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan Naomi. Rut ngerti nèk ing Hukum sing diparingké Yéhuwah marang bangsa Israèl, ana cara apik kanggo nggatèkké wong-wong mlarat. Wong-wong kuwi éntuk mlebu ing ladhang-ladhang wektu panèn lan ngetutké wong sing manèn, terus njupuk sisa-sisa sing kecècèr lan hasil panèn sing thukul ing pinggir lan pojokané ladhang.b—Km. 19:9, 10; PT. 24:19-21.
24, 25. Pas ora sengaja mlebu ing ladhangé Boas, apa sing ditindakké Rut, lan kaya apa gawéan njupuki sisa panèn kuwi?
24 Saiki lagi panèn barli, mbokmenawa kuwi sasi April kalènder modhèren. Rut lunga ing ladhang kanggo nggolèk wong sing ngéntukké njupuk sisa panèn. Wektu kuwi, dhèwèké ora sengaja mlebu ing ladhang duwèké Boas, wong sugih sing isih seduluran karo bojoné Naomi, yaiku Élimèlèkh. Senajan miturut Hukum Rut éntuk njupuk sisa panèn, nanging Rut ora sakarepé dhéwé. Rut njaluk ijin karo wong lanang enom sing ngawasi wong manèn. Sakwisé diijinké, Rut langsung kerja.—Rt. 1:22–2:3, 7.
-
-
’Dhateng Pundi Kémawon Kula Badhé Ndhèrèk’Tirunen Imané
-
-
b Kuwi Hukum sing apik banget, ora kaya Hukum ing Moab, negarané Rut. Mbiyèn, ing wilayah Timur Dekat, randha-randha disiya-siya. Ana karya réferènsi kandha, ”Sakwisé bojoné mati, biyasané para randha ngendelké anak lanangé kanggo ngopèni. Nèk ora nduwé anak lanang, isa waé randha kuwi kudu dadi budhak, pelacur, utawa mati.”
-