-
”Wong Wadon kang Becik”Tirunen Imané
-
-
7, 8. (a) Naomi nganggep nèk sipat apik atiné Boas asalé saka sapa, lan apa sebabé? (b) Piyé Rut nduduhké katresnan sing langgeng marang ibu maratuwané?
7 Wong loro kuwi mulai omong-omongan, lan Rut crita karo Naomi bab sipat apik atiné Boas. Naomi trenyuh lan kandha, ”Wong iku muga kaberkahana déning Sang Yéhuwah, kang karsa ngatingalaké sih-kamirahané marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” (Rt. 2:20) Naomi nganggep sipat apik atiné Boas asalé saka Yéhuwah. Yéhuwah ndhawuhi para abdiné kanggo apik ati lan njanjèkké berkah kanggo umaté sing apik ati.a—Wacanen Wulang Bebasan 19:17.
-
-
”Wong Wadon kang Becik”Tirunen Imané
-
-
a Kaya sing diomongké Naomi, sipat apik atiné Yéhuwah ora mung kanggo wong sing isih urip, nanging uga kanggo wong sing wis mati. Naomi wis kélangan bojoné lan anaké loro, Rut kélangan bojoné. Wong lanang telu kuwi mesthi penting banget kanggo Naomi lan Rut. Tumindak apik ati sing diduduhké marang Naomi lan Rut sakjané diduduhké marang wong lanang mau. Wong-wong lanang kuwi mesthi péngin kebutuhané Naomi lan Rut dicukupi.
b Hak kanggo nikah karo randha mau, lan hak kanggo éntuk warisan, sepisanan dikèkké marang kakangé utawa adhiné wong lanang sing wis mati. Bar kuwi, lagi dikèkké marang sedulur lanang liyané sing paling cedhak.—Wi. 27:5-11.
-
-
”Wong Wadon kang Becik”Tirunen Imané
-
-
11, 12. (a) Hukum apa sing dimaksud Naomi wektu nyebut Boas ”kang wajib nebus kita”? (b) Piyé Rut nanggepi naséhaté Naomi?
11 Pas Rut sepisanan nyritakké bab Boas, Naomi kandha, ”Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalané kang wajib nebus kita.” (Rt. 2:20) Apa maksudé? Ing Hukumé Allah kanggo bangsa Israèl, ana aturan sing welas asih kanggo keluarga sing ngadhepi masalah merga mlarat utawa anggota keluargané mati. Wong wadon sing dadi randha sakdurungé nduwé anak, mesthi sedhih banget merga jenengé bojoné lan garis keturunané bakal mandheg. Nanging, Hukumé Allah ngéntukké kakangé utawa adhiné bojoné sing wis mati kuwi nikah karo randha mau, dadi tetep isa nduwé keturunan sing bakal neruské jenengé bojoné, lan isa ngopèni tanah warisan keluargané.b—PT. 25:5-7.
-