PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Wong Wadon kang Becik”
    Tirunen Imané
    • 19, 20. (a) Apa sebabé Boas ora langsung nikah karo Rut? (b) Nganggo cara apa waé Boas nduduhké sipat apik ati lan perduli karo jeneng apiké Rut?

      19 Boas kandha manèh, ”Lah saikiné, anakku enggèr, aja sumelang atimu; kabèh kang kokaturaké iku bakal daktindakaké tumrap ing kowé; amarga saben wong ing kutha kéné ngreti, manawa kowé iku wong wadon kang becik.” (Rt. 3:11) Boas seneng nèk isa nikah karo Rut, mula dhèwèké iya ora kagèt wektu dijaluki tulung kanggo nebus Rut. Nanging, Boas kuwi wong apik, dhèwèké dudu wong sing mung nuruti pepénginané dhéwé. Boas kandha karo Rut nèk ana salah siji sanak keluarga sing luwih cedhak karo keluargané bojoné Naomi sing wis mati, sing nduwé hak kanggo nebus. Boas mènèhi wong lanang kuwi kesempatan dhisik bèn isa dadi bojoné Rut.

      Merga Rut apik ati lan ngajèni wong liya, Rut nduwé jeneng apik

  • ”Wong Wadon kang Becik”
    Tirunen Imané
    • 21. Apa sing nggawé Rut dikenal dadi ”wong wadon kang becik”, lan piyé carané awaké dhéwé niru tuladhané Rut?

      21 Rut mesthi seneng banget wektu mikirké omongané Boas. Saka omongané Boas, Rut dadi ngerti jebulé wong-wong nganggep Rut ”wong wadon kang becik”. Rut isa dikenal apik karo wong-wong mesthi merga pepénginané sing gedhé kanggo kenal lan ngabdi marang Yéhuwah. Rut uga wis nduduhké sipat apikan lan gatèkan marang Naomi lan bangsané, buktiné Rut gelem ngowahi kebiyasaan lan tumindaké bèn cocog karo kebiyasaané bangsa Israèl, senajan kuwi ora gampang. Nèk niru imané Rut, awaké dhéwé bakal ngupaya ngajèni wong liya lan kebiyasaané. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal dikenal nduwé jeneng sing apik.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim