-
“Peperangan Iku Ana ing Astane Sang Yéhuwah”Warta Penting (Umum)—2016 | No. 5
-
-
Kuwi Goliat. Dawud isa ngerti perasaané para prajurit sing wedi karo wong siji kuwi, merga wongé gedhé banget kaya gunung. Awaké thok waé aboté luwih saka ping pindhoné wong lanang sing gedhé. Dhèwèké nggunakké piranti perang sing komplit, kuwat banget, lan prajurit sing wis trampil. Goliat nantang para prajurit Israèl lan raja Saul. Bayangna swarané sing seru nggema ing pinggiran bukit-bukit. Dhèwèké nantang sapa waé sing wani tandhing siji lawan siji.—1 Samuèl 17:4-10.
-
-
“Peperangan Iku Ana ing Astane Sang Yéhuwah”Warta Penting (Umum)—2016 | No. 5
-
-
Omongané Dawud nggedhèkké atiné Raja Saul. Dawud kandha, ”Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika.” Lumrah nèk Saul lan prajurité dadi cilik ati merga mbandhingké kekuwatané karo Goliat, sing awaké gedhé. Bayangna, Saul lan para prajurité dhuwuré mung sak dhadhané Goliat. Wong-wong kuwi mbayangké nèk senjatané Goliat gampang ngalahké Saul lan prajurité. Ning, kaya sing bakal awaké dhéwé delok, pikirané Dawud béda banget. Kuwi sing nggawé Dawud wani nglawan Goliat dhèwèkan.—1 Samuèl 17:32.
-